Topik: SERBA-SERBI KEMAH Iwan Soetrisno menulis 4 jam yang lalu
Seka SD, SMP, SMA tekan Perguruan Tinggi awake dhewe mesti akeh sing duwe pengalaman kemah. Kemah salah sijining acara sing ditunggu-tunggu merga neng kono ana kesempatan bebas lunga bareng karo kanca-kanca sekolah utawa kelompok, ora usah mikir sinau, anane ming seneng. Pengalaman sok lucu-lucu, sedih, seneng, kurang ajar kaya sing dicritakke kancaku neng ngisor iki: Kancaku sekolah ing sakwijining SMA neng kutha Jogja. Sekolah mau nganakke acara Kemah Bersama. Salah sijining acara saben tendha nek esuk kudu nggawekke sarapan kanggo kemah para guru. Dasar iseng lan kurang ajar kancaku iki gawe sega goreng sing arep disuguhke para guru. Ben ora ketok polos sega gorenge dihias ben kaya neng restoran jarene. Ora kurang akal kancaku mau ngrajang suket terus diwur-wurke neng nduwure sega goreng, ben diarani seledri. Kancaku mau ming nyawang saka kadohan karo klecam-klecem, nonton para guru dhahar sega goreng suket. Cerita kemah mesti akeh sing menarik, mangga sapa arep crita pengalamane. Klik wae tautan iki yen pengen nimbrung http://www.facebook.com/profile.php?id=1557745743&ref=name#/topic.php?uid=59326694320&topic=7668 Salam Jogja ! PATIH JAPEMETHE Please add my Facebook: Radityo Indonesia Mediacare Indonesia
