PAIDI ora iso turu wengi iki, klisekan wae, mengkurep, mlumah, miring kiwo-tengen. Malah kesel dhewe. Ora koyo biasane Paidi ora iso turu, biasa ne bocahe paling gasik nek arep turu bar nGisak wae wes ngorok.
"oalah .. di .. di .. sing mbok gagas ki opo tho yo, rupamu ki lho, blas ora mbejaji" Kang PARTO sing tugas jogo ronda "ngenyek" PAIDI. "aku lagi nandang wuyung kang" PAIDI njawab karo ngrudel. "nandang wuyung ? karo sopo ? wedus wak kak kak kak" Kang PARTO pancen paling seneng ngenyeki bature kuwi. `Yo, karo wong wedok no, rumangsa mu aku bandhot po" PAIDI malah njegadul. "Nek lagi nandang wuyung, yo di omong ke wae karo bocahe, ojo di pendem neng jero ati. Dadi udun engko " Kang PARTO mesem mesem. "la kuwi sing ora iso, piye tho kang ajarono tho. Iso ra kowe" PAIDI rodo sumringah. "oooo bunder" kang PARTO weleh weleh. "kowe ki lagi seneng karo sopo tho, opo karo PAINI anake mbok simbar sing dodol pecel" kang PARTO mesem maneh. "dudu kang, aku lagi seneng karo yu SAMIKEM sing omahe lor mbelek kae lho" PAIDI mesem. "jabang bayik, SAMIKEM sing rodo kae. walah bocah gemblung kowe sing prawan wae okeh malah gandrung karo rondo" kang PARTO arep tibo soko kursine amargo kaget. "nek kowe gelem tak kei saran mendingan "mundur teratur wae ", amargo dhek wingi aku kerep ndelok Bos Edy blantik sapi sering dolan nyang omahe yu SAMIKEM. Nganti Bos Edy ngerti kowe yo gandrung karo yu SAMIKEM iso di kepruki kowe karo "bregajule" Bos Edy" kang PARNO ngomong koyo sepur. PAIDI : "[EMAIL PROTECTED]&*())&^% " Pripun banjure laku lakone katresnane PAIDI, monggon podho gadah andil wonten ing sayembara puniko ? A. PAIDI mundur teratur B. PAIDI neruske gandrunge karo SAMIKEM C. PAIDI malah nyenengi PAINI D. PAIDI istiqomah nJomblo Sumanggo cerito puniko panjenegan terus aken ngangge VERSI panjenengan piyambak? ___________________________________________ Nostalgia sasuatu yang kita sukai pada masa lalu, dapat mere"FRESH" kebuntuan ide ide kita. Sumber cerita : http://javaholic.dagdigdug.com <http://javaholic.dagdigdug.com/>
