Kanti puja-puji : Gusti Kang Akarya Jagad Mbok bilih angèsti sak jeroné ira Tansah ambiyantu jiwa-raga ira. Posting ing ngisor iki bener-bener saka SEJATI lan tumuju marang para kadhang milis jagadmaya sing ijèh nguri-nguri Jawa, mula beciké di ngerténi bakal ana kahanan owah gingsiré jagad amerga jumedulé Ratu Adil mula prayogané sing pada èling lan waspada. Bok menawa para kadang ana sing kersa nerjemahaké disumanggaké.
JUMÉDULE RATU ADIL Kiwa tengen ana apa ? Sapa-sapa pirsa, Midangetaken aturé kawula Senajan bungah ora brubah, Cetha wéla-wéla sineksènan Hyang Widhi Kraton ana senajan rusak ora apa-apa, Pancèn kapara nyatha nyathaké Sing mbaureksa ana, Bathara Katon. 20 Oktober 2008 Ramalan tahun 2009 Bathara Katon, Akèh wong muni dinané apik Muja-muji Kang Akarya Jagad, Dadiya wong pinunjul Golèk pangan gampang sithik ana, Ngudi ngèlmu kapara nyata Mbukak dalan terwaca ing batin, Mubeng seser polahé wong tineka jagadé Lintangé luku tumama sigar- jambé, Golèk pangan sak uniné Dredah wis carané nékad, Ngudi ngèlmu sak katogé Gelem ora gelem nyimpang amerga wasis, Sing dipamèrké duwèké dhéwé Katon wéla-wéla nyebrang, Sing digugu sapa ? ruwet-ruwet tenan !, Mèh waé kasil bathang sayuta Sirna marga layu tepakan, Wingi soré adus-kramas nunggu ngarep Nganten tibané bener kari mung dhawuh, Sila tumpang tangan sendhakep Digawé mulya bener thok, Nusantara kebak wicara! ada merék, Tiyang nggenah pasrah. 10 Desember 2008 Ki Jaya Pranatadipura
