Refleksi : Mungkin tiap hari Anda  dengar merdunya bahasa Arab dan alangkah 
indahnya gurun pasir, tetapi alangkah baiknya juga menikmati bahasa Putri Solo 
dan lagunya: http://www.youtube.com/watch?v=WIY6-I0XNIg&NR=1  dan 

humor http://www.youtube.com/watch?v=oVdSeUZwgc8&feature=related


Suara Mereka
Blencong
13 September 2009 | 13:13 wib
Cangkriman
Dening Soedjarwo 

CANGKRIMAN iku klebu ewone dolanan sing nggunakake basa utawa "permainan 
bahasa" (language games). Senajan sifate mung dolanan, cangkriman iku uga bisa 
dadi sarana kanggo ngasah pikiran. Cangkriman sing ing basa Indonesia disebut 
"teka-teki" iku kudu dibedhek utawa dibatang. Dadi, ana sing nyangkrimi lan ana 
sing mbatang. Biyen bocah-bocah yen lagi padha ngumpul asring sok padha adu 
kapinteran srana cangkriman.

Cangkriman sing prasaja iku arupa rerangkening tembung sing mung dijupuk 
wandane kang pungkasan. Upamane "segara mbeldhes", batangane: sega pera sambele 
pedhes; "janaka kuluk tone", batangane: jajana nangka aku njaluk betone. Conto 
liyane upamane: "pak bomba, pak lawa, pak peut, linak litu, lingga, lica; lan 
liya-liyane.

Cangkriman liyane dhasare yaiku anane emper-emperan antaraning sing dienggo 
cangkriman karo barang sanyatane, upamane: "sega sekepel dirubung tinggi, apa?" 
Batangane: salak. "Pitik walik saba kebon, apa?" Batangane: nanas. "Pak Demang 
klambi abang disuduk manthuk-manthuk, apa?"

Batangane: tuntut utawa kembang gedhang. Cangkriman emper-emperan iku ana sing 
luwih angel, upamane: Anake diidak-idak, emboke dielus-elus, apa? Batangane: 
andha.

Ana cangkriman sing wujude gabungan wanda pungkasan lan tembung-tembung liyane, 
upamane: Apa kowe wis weruh ana manuk ndhase telu? Batangane: Wis bae, saben 
manuk endhase mesthi dibuntel wulu. Cangkriman liyane: Biru bisane wungu 
dikapakake? Batangane: Digebug. Babi turu supaya tangi (wungu) ya digebug.

Tembang sing isine cangkriman iku adate tembang "Pocung", contone: Bapak 
pocung/cangkemmu marep mendhuwur/sabamu ing sendhang/pencokanmu lambung 
kering/prapteng wisma di pocung mutah guwaya// Batangane: klenthing utawa jun 
sing kanggo nggolek banyu menyang sendhang.

Ing kasusastran Jawa ana sing diarani wangsalan. Wangsalan iku uga cangkriman 
sing batangane awujud wanda utawa tembung kang disusulake ing tembung-tembung 
candhake. Wangsalan iku bisa dadi isining tembang utawa rerengganing tembang. 
Dadi, wangsalan iku ora mung cangkriman thok nanging uga mengku karep saka kang 
nganggit. Wangsalan sing asring kita prangguli yaiku: Jenang sela wader kalen 
sesondheran/ apuranta yen wonten lepat kawula. Sing pokok iku njaluk pangapura, 
nanging panjaluk mau didhisiki srana wangsalan sing batangan utawa tebusane 
dumunung ana ing tembung-tembung "apuranta" lan "lepat". Dadi, jenang sela iku 
apu, dene wader kalen sesondheran iku sepat.

Wangsalan iku ora mung dianggo ana tembang utawa senggakan, nanging uga ing 
pacalathon sadina-dina.

"Wah, kok njanur gunung, esuk-esuk wis teka kene."

"Lha ya kuwi ta Mas, sarung jagung, botbote ditangisi adhimu."

Njanur gunung iku tegese "aren", dene sarung jagung iku klobot.

Biyen, nalika penulis kolom Blencong iku mulih menyang desa karo ngajak calon 
ibune bocah-bocah, ibune penulis bisik-bisik, "Apa kuwi bothok diwungkusi?" 
Bothok diwungkusi iku jenenge calon. Tegese Ibu ndangu, "Apa bocah kuwi calon 
bojomu?"

Wasana roning mlinjo rehne wis cukup nyuwun ngaso. (35)

Kirim email ke