============================================ Mailinglist debritto : [EMAIL PROTECTED] ============================================ Ki Lurah Joyo Bondo lan Nyi Lurah lagi ngedapi daharan ing restoran "Ken-Nedi" kang wis kondang makantar ing talatah Jawi Kulon, sing ing wengi kuwi rame banget. Sak lagine dahar bareng, dumadakan ono sakwijining nom-noman wadhon, sedhet awake, lencir kuning pakulitane, ngagem pangageman kang sexy, liwat sandinge Ki Lurah lan njiwit dadane Ki Lurah. Nyai Lurah kaget, getem-getem celatu : "Katiwasan Pakne, sopo to priyayi putri kang ora kagungan sopan santun mau ?" "Wis ojo ribut-ribut, kuwi simpenanku" Ki Lurah ngaku. "Sampeyan nyimpen maru pakne ?................Weladalah, .....tobil-tobil anak kadhal, ....luwih becik kulo nyuwun pegat..gat...gat!!!!" Bu Lurah nyincingake jarike sinambi gedrug-gedrug. "Lilo tenan iki ?...........Bune, opo awakmu wis sanggup kelangan gedhong gede, mobil mewah, pesanggrahan nang pinggir pesisir Anyer ?" ujare Ki Lurah. Nyi Lurah kepekso mendel lan nerusake dahare. Ora sawetoro suwe, ono priyayi sarimbit mlebu restoran. Bu Lurah kaget. "Pakne, kae rak Mas Carik tho ? Lha kok dudu karo bu Carik to kae. Sopo priyayi putri sisihane kae Pakne?" "Wis menengo wae, kae simpenane pak Carik" "Gandrik....moto mlorok ora ndedelok.......yo wis syukur pakne, paling mboten simpenane awake dhewe isih luwih ayu".
