Iki crito soal pengalamane Mat Pithi waktu budal nang Jerman numpak
pesawat.. Sekali sekali rek ndelok piala dunia secara langsung .. bosen
ndelok Liga Indonesia tok soale nek sing main Persebaya pasti akeh tawurane
timbang bal-balane. Oh iyo, kabeh pembicaraan nang cerito iki asline nggae
bahasa Inggris, cumak wis diterjemahno ambek penulis nang boso Suroboyoan
cek sampeyan2 ngerti kabeh.

Critane Mat Pithi milih numpak Singapore Airlines. Soale masio tikete rodok
larang tapi krungu2ne pelayanane SQ iku jare sing terbaik sak dunia,
pesawate generasi anyar kabeh, fasilitase canggih, panganane yo enak, trus
sing penting pramugarine ayu2 dukur2 (maksute rok'e sing dukur).

Tiba'e bener .. perjalanan mulai teko Juanda sampek meh tekan Jerman gak tau
sepi teko panganan. Begitu juga ngombe. Pokok'e nek ketok gelase penumpang
isine kari sitik ambek pramugari langsung ditawari nambah utowo ganti pesen
liyane. Mat Pithi wetenge sampek kuwarek'en gara2 terus terusan mangan
ngombe. Mari mangan steak unto, ngombe jus strawberry. Trus nambah kopi
susu, pesen burger salmon ambek wedang jahe, nambah tuak, es tebu akhire
pesen kupang es degan.. Iku ae dhe'e jik pingin pesen lorjuk rambak katak
digae camilan, saking gak onok. Jare pramugarine ngene "Nek pesen panganan
sing iku nango Kenjeran ae Cak, ojo ndik kene".. Gendeng pancen Mat Pithi
.... pesawat dianggep koyok warung ae. Akibate yo wis mesti, durung sampek
tekan Jerman Mat Pithi wis kebelet...

Mat Pithi langsung mlayu nang toilet. Ndilalah pas tekan kono, toilet
lanange onok uwonge. Mat Pithi bingung, raine mulai pucet karena ngempet,
kringete mulai metu sak jagung jagung. Pramugarine mesakno ndelok Mat Pithi
koyok ngono akhire ngomong ngene "Yo wis Cak, sampeyan nggaweo toilet cewek
ae. Tapi ojok sampek mijet tombol2 sing onok ndik njero yo. Pokok'e nek wis
mari ngising ndang siramen trus metuo". Pramugarine terpaksa ngijinno Mat
Pithi mlebu toilet cewek. Pikire ngene "Timbang wong iku kebobolan nang
karpet, engko yo aku dewe sing repot ngepel"

Mat Pithi nang njero toilet cewek. Lego wis .. mari ngising nguyuh. Lha nang
kono dhe'e pancen ndelok akeh tombol2 sing onok tulisane WW , WA , PP ATR.
Dasare arek Suroboyo, Mat Pithi tambah penasaran tombol2 iku digae opo ae,
trus opo'o dhe'e kok dilarang mijet tombol2 iku ambek pramugarine. Ilmu
kebone mulai metu. Kebo iku nek disurung sungune lak malah nyurung ta..
Podho ambek Mat Pithi, nek dilarang malah koyok dikongkon.


Mat Pithi mulai ati2 nyoba mijet tombol WW...... langsung srooooootttt. metu
banyu anget nyemprot silite. "Oh, tiba'e iki artine Warm Water digae cewok .
wah, enak'e rek toilet cewek" batine Mat Pithi.
Mat Pithi tambah penasaran .. dhe'e nyoba mijet tombol liyane. Mat Pithi
mijet tombol WA . whuuuussss ...langsung metu udara anget digae pengering..
"Mmm.. tiba'e WA iki artine Warm Air. Mangkane wong wedok cik betahe suwi
nang njero toilet, lha wong fasilitase koyok ngene"

Terus Mat Pithi mijet tombol PP. Langsung metu bantalane wedak (Powder Puff)
medak'i silite sing wis garing. Mat Pithi tambah kagum campur nggumun, tapi
yo kudu ngguyu ... "Hahahaha... . taek .. taek, lek nang Suroboyo umume sing
diwedak'i iku lak rai ta. Kok nang kene silit barang diwedak'i"

Mat Pithi sing tambah penasaran akhire gak ragu ragu maneh mijet tombol ATR
....
Grobyaaakkk. .. Mat Pithi tibo jempalitan teko toilet, awak'e glocoran getih
.....Mat Pithi semaput, dunia koyok dadi peteng.. Pas sadar Mat Pithi wis
turu nang kasure rumah sakit, onok selang infus mancep nang tangan tangane,
nang sebelahe onok alat monitoring detak jantung. Mat Pithi bingung puoll .
Dhe'e takon nang perawat sing jogo "Sus, yok opo critane kok aku iso sampek
diopname nang rumah sakit, padahal maune kan nang njero toilet pesawat".

Perawat iku mau terus nerangno . "Ngene Cak.. nurut hasil investigasine kru
pesawat, waktu iku sampeyan mlebu toilet cewek, trus mijet tombol ATR.
Padahal tombol iku artine kan Automatic Tampon Removal, fungsine digawe
nyopot tampon secara otomatis. Sampeyan ngerti gak .. tampon iku lak
pembalut wanita sing bentuk'e batangan, trus dilebokno nang "anune" cewek.
Akibate lek sing nggawe wong lanang yo ngene iki, manuk sampeyan ketarik
alat iku sampek brodol sak jembut-jembute !!!".

"@#%#%*...@# , duobol, kirik, juamput, taek, asu" Mat Pithi misuh misuh gak
karuan nang njero ati.
"Trus yok opo iki Sus" saking bingunge Mat Pithi sampek gak eruh opo sing
arep ditakokno.
"Sampeyan gak usah kuatir Cak, kabeh biaya pengobatan ditanggung SQ ditambah
sampeyan oleh tiket gratis gae balik nang Suroboyo"
"Lha trus manukku ?"
"Tenang ae .. RS nang Jerman iki canggih2. Manuk sampeyan wis disambung
maneh dan jare tim dokter iso berfungsi normal koyok biyen"
"Hah, koyok biyen maneh??? lak cilik rek !!!!. Jancuuuuuuuuuukkk. . ngerti
ngono aku njaluk disambung ambek manuk'e jaran mumpung gratis" khusus sing
iki Mat Pithi ngomonge nggae boso suroboyoan.
"What did you say ???" jare sustere.
Oooalahh Mat .. Mat, nasibmu pancen apes. Tiwas adoh2 budhal nang Jerman,
entek duwit akeh, tiba'e tekan kono mlebu rumah sakit. Akhire Mat Pithi mek
iso ndelok bal-balan nang TVne rumah sakit. Lha nek cumak ngono ae lak podho
karo sing ndik Indonesia rek.


-- 
Safety 1st, Ride Safely, Respect Others...
-Mizz M-
JMC 007 | InBike 051 | YMML 007 | RSA (d/h FSRJ)-DePenga | MiLYS 527 |
REDZonerz 007 | d'HORNETERZ 000 | GeLYS 527
RedFerrariMio with RedFerrariGivi & BlackFerrariSidebox
B 6936 ECY
Visit ma blog : mellymc.wordpress.com
Buy Online on www.obengkembang.com
Stop by in our shop : OKem Shop @ PaMor (Pasar Motor)-Kebayoran Baru.

--~--~---------~--~----~------------~-------~--~----~
--- We moderators work for free only for your convenience in our milis.
Help us and obey the rules or be gone!  ---
.
To post to this group, send email to [email protected]
To unsubscribe from this group, send email to 
[email protected]
For more options, visit this group at http://groups.google.com/group/forbas
-~----------~----~----~----~------~----~------~--~---

Kirim email ke