Berhubung saya cuma lancar berbicara Bahasa Indonesia, Aceh, dan Betawi jadinya saya ndak ngerti maksudnya apa :p
________________________ TEUKU REIZA YUANDA M.Sc. Program in Marine Geosciences Faculty of Geosciences University of Bremen, Germany P : +4915152348383 E : reiza[at]uni-bremen[dot]de W: www.linkedin.com/in/teukureiza ----- Original Message ---- From: S.Rahardjo <[EMAIL PROTECTED]> To: [email protected] Cc: [EMAIL PROTECTED]; [EMAIL PROTECTED]; [EMAIL PROTECTED] Sent: Sunday, May 4, 2008 7:18:45 AM Subject: [indonesia] Re: [itb77] Fwd: Lagu-lagu dolanan >> Ilir ilir...>> Ada lagi lagu lagu yang membangun ? Mas Susanto, mas Zaenal, mas Achmad Ini ada kutipan dari Buletin Nglungsungi No.44 April 2007 tentang lagu Ilir-ilir, untuk menambah wawasan. TEMBANG ILIR - ILIR ?Bambang Murtidjono, Solo A ku maca ing Rubrik Serat Saka Alumnus, surate Kyai Sukuh (Nglungsungi No 37 Sept. 2006) lang Nglungsungi No 38 wulan Okt 2006 pitakone sarta pendapate Den Boss marang Mas Maktal. Sakdurunge nyuwun pangapunten lan nuwun sewu marang Mas Maktal, aku ora arep nyampuri mung cluluk wae, apa sing dikarepake Den Boss apa wis cocok karo sing dak ngerteni. Tembang ILIR-ILIR saiki wis asing ora nate krungu ing masyarakat dibanding nalika awake dewe isih ABG. Tembang mau sing dakweruhi kanggo sarana DA'WAH dalam rangka siar Agama Islam. Yen ditinjau miturut kepentingan politik / ekonomi wektu semono kanggo merekrut / meluaskan ajaran Agama Islam ing daerah pedalaman sing sifate AGRARIS, mula pasemone tembang mau "TANDURAN" lan "BOCAH ANGON (GEMBALA/TERNAK)". Yen daerah pesisir (pelabuhan) kehidupane dagang lan dianggep wis akeh sing meluk Agama Islam, mula kanggo menggerakkan, mempersatukan kekuatan, mempercepat pembentukan KASULTANAN DEMAK. Apa iki sing dimaksud Mas Maktal? (dak kutip saka naskahe : "Banjur nyusun kekuatan kang dipimpin para Wali gerakake kaum Muslim kanti perang gerilya tinenger tembang ILIR-ILIR") Dadi Wali Sanga lan para mubaligh Islam sebagai pelaksana da'wah, dene bocah angon (masyarakat) sing dida'wahi kaya unine tembang ILIR-ILIR : "Lir ilir, lir ilir. Tandure wus sumilir. Tak ijo royo-royo. Tak sengguh penganten anyar. Cah angon-cah angon, peneken blimbing kuwi. Lunyu-lunyu peneken, kanggo masuh dodot ira. Dodot ira-dodot ira, kumitir bedah ing pinggir. Domono djlumatono, kanggo sebo mengko sore. Pupung gede rembulane, pupung jembar kalangane, surako surak iyo" Kira-kira terjemahane bebas kaya mangkene :"Kepet, kepeti (kipas-kipasi kaya angin semilir = sepoi). Taneman wis tumbuh hijau kilau kemilau, gemulai ditiup angin sepoi, dak kira penganten anyar (sungguh indah)." Bisa uga : "Bangun, bangunlah dari tidur (ilir = nglilir) telah tumbuh gerakan baru menuju kebahagiaan berkembang dengan subur (cepat) laksana manisnya kehidupan temanten baru penuh ceria dan bahagia" "Pengembala, pengembala panjatlah belimbing itu walaupun penuh risiko untuk mendapatkan belimbing (buah sing duwe lingir (sudut) lima nglambangake RUKUN ISLAM kanggo nyuci mental spirituale manungsa" "Pakaianmu pakaianmu, serba cabik tepinya. Jarumlah/jahitlah untuk menghadapi senja nanti" (Dodot = pakaian semacam sarung, umumnya dipakai anak muda, kanggo pasemon kepercayaan sing dianut wektu zaman semono durung sampurna (agama Hindu-Budha lan kepercayaan liyane), agar dirubah beribadah secara Agama Islam untuk menghadapi akhir hayat (menghadap kehadirat Illahi) "Selagi bulan masih purnama, selagi arena masih luas surako surak iyo" kaya ngendikane Den Boss "mumpung isih ana kesempatan". Namung semanten atur kula, yen ana lupute nyuwun dibenerake dhewe. Nuwun. ³ TEMBANG ILIR-ILIR ?Ilyas Saleh "Boss Van den Batavia", Jakarta N ang NGLUNGSUNGI No. 36 / Agustus 2006, Mas Maktal nulis tembang Ilir-ilir nanging durung ana penjelasane. Nang kene aku arep nyeritakake Bab Tembang Ilir-ilir, muga-muga bisa nambah ceta lan nambah pengetahuane konco-konco Alumni SMP3. Tembang Ilir-ilir iku ora bisa dipisahke karo "Penyebaran Agama Islam nang Tanah Jawa dening Wali Songo". Bapakku tau ngendika neng Wali Songo klebu "Manungsa Jenius sing luar biasa" amargo bisa nyebarake agama Islam nang Tanah Jawa "Secara besar-besaran lan wektune relatif singkat". Bab iki ndadekake kabeh golongan ngekeki pangalembana marang Wali Songo, ora mung saka golongan Islam nanging uga saka golongan agama liyane. Tembang Ilir-ilir iku dicipta dening Sunan Kalijaga, salah siji saka Wali Songo sing "Keturunan Jawa Asli" (jeneng asline Raden Said, putra saka Adipati Tuban, Tumenggung Wilatikta, putu saka Adipati Ronggolawe). Mula saka iku Sunan Kalijaga olehe nyebarake agama Islam nggunaake "pendekatan Budaya Jawa" sing gampang dingerteni dening lapisan masyarakat Tanah Jawa saka petani, buruh, pedagang, pegawai, abdi dalem nganti ningrat Kraton. Sunan Kalijaga ngendika "Wong Jawa kudu tetep dadi wong Jawa sing berbudaya Jawa, ora perlu diganti budaya Arab. Seni lan budaya Jawa ora perlu dihapus, mung wernane diganti werna Islam", umpamane budaya slametan iku tetep ana, nanging doa-doane diganti doa Islam. Wayang kulit bentuke diowahi nganti "dadi wayang sing ora nyalahi hukum Islam" lan sing paling hebat nang wayang iku dilebokke "Kalimah Syahadat sing disamarke dadi jimat utawa jamus kalimasada". Antarane saka Sunan Kalijaga iku, agama Islam nang Tanah Jawa berkembang luar biasa pesat lan mlebu nang lapisan masyarakat. Kanggo tujuan Dakwah agama Islam, Sunan Kalijaga menciptak tembang kaya tembang Dandanggula lan tembang Ilir-ilir. Tembang Ilir-ilir iku pancen sederhana, bentuke tembang dolanan, nanging mengandung dakwah kanggo kaum Muslim sing hebat amargo artine mengandung nilai-nilai sing duwur banget. Masyarakat Tanah Jawa saka jaman Wali Songo nganti jaman saiki isih seneng nembang Ilir-ilir. Tembang Ilir-ilir pancen "efektif" kanggo nyebarke agama Islam nang Tanah Jawa. Mula saka iku para Wali meh kabeh melu ngajari, melu memasyarakatke (mensosialisasikan) tembang Ilir-ilir iku. Sing paling giat memasyarakatke tembang Ilir-ilir yoiku Sunan Giri. Coba gatekna syaire sing dibagi 4 bagian : 1. Lir-ilir lir-ilir, Tandure wus sumilir Tak ijo royo-royo, Tak sengguh penganten anyar 2. Cah angon Cah angon, Peneken blimbing kuwi. Lunyu-lunyu peneken, Kanggo mbasuh dodot ira 3. Dodot ira-dodot ira, Kumitir bedah ing pinggir Dondomana jlumatana, Kanggo seba mengo sore. 4. Mumpung padang rembulane, Mumpung jembar kalangane. Yo suraka, surak hiyo Ilir-ilir iku asale saka tembung "Nglilir" artine sing isih turu utawa "durung mlebu agama Islam" supaya nglilir. Tandure wus sumilir artine winih sing ditandur wistukul (winih diartekke "Iman Islam"). Tak ijo royo-royo, tak senggah penganten anyar artine winih iku wisdadi subur lan wisbisa bersanding karo Iman Islam (dadi penganten anyar sebab wiskelakon bersanding karo iman Islam). Cah angon, cah angon (cah angon artine anak gembala sing diartekke "Kaum Muslim") Peneken blimbing kuwi (blimbing iku "bersegi lima" sing diartekke 5 Rukun Islam yoiku syahadat, sholat, zakat, puasa, haji). Lunyu lunyu peneken (ambakna lunyu lan mleseti, kudu tetep nglaksanaake 5 Rukun Islam) kanggo mbasuh dodot ira (kanggo ngresiki supaya suci agamane). Dodot ira-dodot ira, Kumitir bedah ing pinggir. Dondomana jlumatana, Kanggo seba mengko sore. Dodot artine ageman sing diartekke Agama Islam. Ageman sing akeh suwek pinggire (agama sakdurunge akeh rusake) supaya dijahit, ditisik (didandani, dibenakke nganggo 5 Rukun Islam) kanggo sowan Gusti Allah sakwise mati (sore artine entek-entekan dina). Dadi artine yoiko agama sing sakdurunge akeh rusake supaya didandani, dibenakkae nganggo 5 Rukun Islam kanggo sangu sowan Gusti Allah sakwise mati. Artine mumpung isih ana kesempatan bertobat, mumpung isih ana wektu "menek blimbing" artine mumpung isih bisa nglaksanaake 5 Rukun Islam. Mumpung padangrembulane artine nek ora ana sinar bulan, bengi dadi peteng ndedet. Sinar bulan iku diartekke "Sinar Islam". Dadi nek ora ana sinar Islam, kaum Muslim ora bisa mbedaake becil lan ala, ora bisa mbedaake sing halal lan sing haram. Yo surako surak hayo artine ngajak pada surak amargo cah angon utawa Kaum Muslim wisketurutan karepe yoiku wiskelakon ngamalake 5 Rukun Islam lan Insya Allah mlebu swarga. Amin. Wis yo tulisanku iki wis cuntel, muga-muga bermanfaat kanggone konco-konco Alumni SMP3, terutama kagem mas Maktal (Kartasura), mas Sutono alias Kyai Sukuh (Karangpandan), mas Bambang Murtidjono (Sala), Gus Daliyono (Sala), Mas Subli (Jakarta), Mas Fauzi Yasin (Jakarta), Mas Suryono Suroso (Jakarta), Mas Tebyan (Jakarta). ³ ____________________________________________________________________________________ Be a better friend, newshound, and know-it-all with Yahoo! Mobile. Try it now. http://mobile.yahoo.com/;_ylt=Ahu06i62sR8HDtDypao8Wcj9tAcJ
