nJih Mas,dalem setuju banget, menawi ngangge boso DJOWO. boso djowo meniko umpaminipun : kaliwungu = lepen sare.> sungai tidur. ngati ati = ngatos atos> berhati hati. loro ati = sakit atos >gerah sungkowo> sakit hati lha sak meniko manawi rasane "atos" boso nJowonipun kados pundi, Mas ANTO,? sALAM KAGEM sedulur sedulur ingkang wonten kendal-online.
--- Pada Kam, 11/9/08, moh anto <[EMAIL PROTECTED]> menulis: Dari: moh anto <[EMAIL PROTECTED]> Topik: Re: [kendal-online] Sawijining Sore Ning Kaliwungu Kepada: [email protected] Tanggal: Kamis, 11 September, 2008, 8:33 AM Wong jowo luwih becik nulis nganggo boso jowo ben ora lali karo asale tho mas...... arep ngoko opo kromo kuwi perkoro mburi, sing penting ora isin..... --- Pada Rab, 10/9/08, muhamad kundarto <[EMAIL PROTECTED] com> menulis: Dari: muhamad kundarto <[EMAIL PROTECTED] com> Topik: Re: [kendal-online] Sawijining Sore Ning Kaliwungu Kepada: kendal-online@ yahoogroups. com Cc: yiskandar_2000@ yahoo.com Tanggal: Rabu, 10 September, 2008, 9:13 PM kayaknya penulis harus berpikir super keras untuk memakai pengantar bahasa jawa. kosa kata 90% ngoko hehehhee.... bingung kali jowo ne kendal dengan jowo ne jogja hahahaa..... tur.... nulisnya gak berani panjang hehehe, jauh lebih pendek dibanding kalo cerita bahasa indonesia good idea Bos!! --- On Wed, 9/10/08, Yusuf Iskandar <yiskandar_2000@ yahoo.com> wrote: From: Yusuf Iskandar <yiskandar_2000@ yahoo.com> Subject: [kendal-online] Sawijining Sore Ning Kaliwungu To: "Kendal Online" <kendal-online@ yahoogroups. com> Date: Wednesday, September 10, 2008, 2:21 PM Ngenteni Maghrib : ------------ ------ Sawijining Sore Ning Kaliwungu Naliko jaman aku cilik, kiro-kiro tahun 1970-an, santri-santri Kaliwungu yen wis sore ngarep-arep maghrib, podo mlaku-klaku karo sarungan (terkadang dicincing rodo duwur), karo kuplukan rodo miring, karo gegojekan. Tekan tikungan pas panggonan cedak ndek-ndekan terminal pasar sore, santri-santri mau podo ngumpul, ono sing ngadeg gegojekan, ono sing waton lungguhan ning pinggir dalan sak enggon-enggon. Yen ono cah wedok liwat, opo maneh cah wedok mau rodo ayu, santri-santri mau mung biso nyawang karo mesam-mesem glenikan karo kancane. Ora koyo cah nom-noman jaman uedan saiki... Yen wis kentekan bahan obrolan, terus ngitungi bis lan truk sing podo liwat, terkadang bedhekan plat nomore. Pokoke sajak podo bungah ngenteni maghrib, ono sing wis adus ono sing durung. Tapi kabeh ketok sumringah, sanajan bar ngantuk-ngantuk semakan kitab kuning awit bakda sholat asar. Yen wis krungu adzan, njuk podo bubar nuju takjil ning mesjid. Rame tenan. Ning embuh saiki, mestine wis ora ngono, mergo dalane tambah rame, padat lan malah mbebayani. Yusuf Iskandar (Tahun 1970-an, yen esuk sekolah SD njuk SMP, yen sore sekolah arab ning madrosah lor mesjid Kendal). http://yiskandar. wordpress. com Dapatkan nama yang Anda sukai! Sekarang Anda dapat memiliki email di @ymail.com dan @rocketmail. com. ___________________________________________________________________________ Cari tahu ramalan bintang kamu - Yahoo! Indonesia Search. http://id.search.yahoo.com/search?p=%22ramalan+bintang%22&cs=bz&fr=fp-top

