Karesahan UJ memang katangkep akhir2 ieu, boh ditembrehkeun dina surat kabar 
boh dina TV lokal. Asana mah kaayaa  ieu sajalan sareng seratan Kang AR pakait 
musnah jeung bangkitna basa2 etnis di dunya. Tapi nu katangkep ku sim kuring 
jawa nu perhatosan kana masalah ieu ngan sakulibek jawa jogja jeung jawa solo. 
Masing2 urang jogja jeung solo agul jeung reueus ka dirina masing2, antukna 
diluar eta jawana asa teu diaku nepi ka jawa banyumasan (cilacap dugi ka 
tegal/brebes) ngabedakeun maneh, jatim surabaya tos jawa maduraan benten sareng 
kidul (pacitan, madiun) benten oge sareng malang.
 
Pola nu katangkep sigana boh jawa boh sunda arahna kana etnis nu moderat (dina 
basa jeung tata gaul) tapi kebalikan dina rasa reueus (kebanggaan) arahna malah 
langkung ngeupeul, menyempit ka lokasi, area. Lamun aya peta khusus tiasa 
katingal kumaha arusna jadi lokalan, nya kiwari ieu gejala paubahan katangkep 
dina mengbal nu ngadegkeun laskar2 kedaerahan, sanes etnis deui.
 
Wong jawa ilang jawane, wong sunda ilang sundane. Patarosan ayeuna mah sanes 
urang mana? (sunda/jawa?) tapi asal darimana? (tempat).
 
 
titajong di nu rata tidagor kana angin

Dari: Tubagus Rifki L <[email protected]>
Kepada: [email protected]
Dikirim: Jumat, 13 Mei 2011 21:48
Judul: [kisunda] Opo iyo wong Sunda bakal ilang Sundane?


  
Meunang manggih ti milis tatangga, tataros nu sami keur US...

wong jowo bakal ilang jawane
Wong Jawa Bakal Ilang Jawane
APA bener wong Jawa iku bakal ilang Jawane?!
Ilang Jawane tegese ilang sifat-sifat lan kepribadian kejawaane. Yen wis ilang 
Jawane kaya-kaya ya wis dudu wong Jawa maneh. Banjur wong Jawa iku dadi wong 
sing kaya apa? Wong Jawa diarani Jawa amarga nduweni sifat lan ciri-ciri 
tinartu. Upamane: wong Jawa iku basa ibune basa Jawa, kesenian, tradisi lan 
kabudayane tradisi, kesenian, lan kabudayan Jawa. Lha nek wis ora bisa basa 
Jawa, ora ngerti tradisi lan kesenian Jawa, ora tepung karo kabudayan Jawa, 
"gaya hidup"-e wis ora kaya salumrahe wong Jawa, apa ya isih bisa diarani wong 
Jawa?

Rehne anak-putune wong Jawa, mesthine ya tetep wong Jawa. Sifat-sifat kang 
tumurun marang anak-putu bisa dibedakake dadi rong werna, yaiku warisan 
biologis lan warisan sosial utawa kabudayan. Satemene sing bisa diwariske 
langsung iku ya mung warisan biologis. Rehne turune wong Jawa ya nduweni sifat 
fisik lan biologis kadideme wong Jawa, upamane: kulite nyawo mateng, rambute 
ireng lurus, irunge rada pesek, lan liya-liyane. Dene warisan sosial iku 
warisan sing bisa diwarisi srana sinau utawa liwat sosialisasi. Tanpa sinau 
utawa srawung karo padha-padha wong Jawa, ya ora bisa basa Jawa, ora tepung 
karo kesenian Jawa.

Warisan biologis iku wis kunandhut ana gen utawa bibite. Rehne bibite wong 
Jawa, ya marisi sifat fisik dalah potensi-potensi mental Jawa. Wong Jawa sing 
digulamenthah lan digedhekake ing kulawarga manca mung oleh warisan biologis, 
ora oleh warisan sosial.

Lha gambarane wong Jawa sing wis ilang Jawane iku ya sing kaya ngono mau. 
Nanging keh-kehane wong Jawa sing urip ing satengahe bangsa lan kabudayaan 
liya, ya isih padha ngleluri kabudayane leluhure, upamane wong Jawa kang 
dedunung ana Suriname, wong Jawa sing daerah-daerah transrnigrasi ing luwar 
Jawa.

Basa lan kabudayaan Jawa iku tansah ngrembaka lan owah-gingsir nuting jaman 
kelakone. Kabudayaan Jawa iku perlu diuri-uri supaya lestari lan isih tetep 
dadi warisan kanggo anak-putu, mung bae kabudayaan mau besuke mesthi wis beda 
karo kabudayaan Jawa saiki, nanging ora ateges menawa wong Jawa banjur ilang 
Jawane. Ya mung "Jawane" wong Jawa besuk mbokmenawa wis beda karo "jawane" wong 
Jawa saiki.

Pancen ana bae wong Jawa sing ora njawani, sauger wong Jawa iku isih ana, 
kajawaane mbokmenawa uga tetep isih ana, Dadi, tetembungan "wong Jawa ilang 
Jawane" ora bisa disurasa kanthi wantah bae. Sing genah keiawaane wong Jawa iku 
owah-gingsir nuting jaman kelakone. Pamiara lan panguri-uri iku perlu, nurih 
kajawaan mau ora adoh mlencenge.

Punteh ah calutak,
Ongkarana Sangtabean Pukulun Semnbah Rahayu
TiRiLik


Kirim email ke