muhun maaf,
memforward mail dari wojoseto.
mohon maap, karena berbahasa jawa campuran indonesia.
---------------------
mBah Soeloyo
Moderator ML JOWO  WOJOSETO
SURADIRA JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI

     Sebagai wong Jawa sing ngugemi Agama Islam, aku yaa melu prihatin
     temenan kok mas.

     Lha piye maneh, yen ditelusuri tenan, miturut Kawruh Tasawuf
(Agama
     Islam), utawa Spiritualitas (islam), pancen kelase spiritual
(maqam
     ruhaniyahe) wong Indonesia saiki iki rata-ratane isih ning ongko
loro
     lan telu saka pitung kelas haree.

     Donya iki dumadi ing dalan "islam", rilo, "berserah diri dengan
rela".

     Lha mulane kabeh mau diatur nganggo "sistem" lan "hirarki"
     (tingkatan). Bareng manungsa wis dumadi saka perkembangane
kelompok
     HOMINIDAE, utege dadi telung sap. Sap sing wiwitan kaya reptil,
bareng
     wis dadi mamalia dadi tambah sak sap maneh. Dadi Hominidae dadi
telung
     sap. Sakwise kuwi, kesadarane berkembang. Yen klas siji ya kaya
bayi
     kae lho mas. Luwe, ora penak utawa ngelak ditandhani nganggo
nangis.
     Lugu banget! Bayi, isa mengkurep, lungguh, mberangkang, ngadeg,
     mripit, mlaku lan mlayu, nanging isih lugu. Ora ngerti kesel,
amarga
     ora ana sing dipikiri. Lha mikir iku rak nggawe energi. Energine
cumak
     kanggo dolanan. Padu karo kancane sing sak umuran. Sing kalah
nangis.
     Nanging bar kuwi ya wis. Ora temalep nang pikirane. Yen kesel ya
turu.
     Iki mau contone yen isih kelas siji. Mulane, Kanjeng Yesus
ngendika,
     kowe kabeh ora bisa malebu ing kerajaan sorga, yen durung bisa
kaya
     cah cilik. Lha ing Al Quran Surat An Naziat (79):39-40 disebutake
     "Barangsiapa yang menyadari Tuhannya sepenuhnya dan mampu menahan
hawa
     nafsunya maka balasannya adalah sorga".

     Dadi yen kelas siji iku "do" rendah maka orang yang bisa masuk
sorga
     itu "Do" tinggi dalam do-re-mi. Pinter ning isa lumaku kaya bayi,
ora
     ana pamrihe.

     Lha sing repot iki rak nek isih ana tangga re utawa mi. Sing
kelas
     loro iki subjektife ora jamak. Tingkahe kaya cah cilik, ning wis
     kanggonan 'hawanafsu'. Lha kelas telu, wis ngerti pikir ning
cethek.
     Luwih bahaya maneh kelas telu iki. Lha piye kaya-kaya-a ngerti,
pinter
     tapi sakjane ora.

     Aku kelingan nalika tahun 1981 ana penataran buruh. Sing menehi
     pelajaran iki duwe titel Bc.Hk (Sarjana Muda Hukum, titel lawas).
     Supaya gak diremehna ambek sing melu penataran, si pengajar mau
kandha
     yen peserta ora oleh nyepelekna titele sing isih sarmud mau.
Jarene,
     masiya piyambake mau isih sarmud tapi gak kalah ambek sing wis
sarjana
     utawa doktor. Lho ngene iki yen isih kelas telu. Ora bisa
mbedakna
     perorangan utawa peringkat pendidikan. Dicampur dadi siji. Ora
bisa
     mbedakna sing formal lan sing ora. Sing otodidak lan sing ora.
Lha
     waktu iku aku mung isih tamat SLTA. Ing jero kelas ya tak guyoni,
aku
     ya ora kalah ambek sing ngajar, masiya aku cuma SLTA ora sarmud.
     Jenenge guyon, ya konco-konco padha ngguyu.

     Padha ambek agama. Ing Al Quran wis dingendikakake yen kabeh
agama mau
     saka Pangerang kang sinebut "islam". Lha tuwuhe ing alam donya
     beda-beda amarga disesuaikan dengan jaman, geografi lan kulture
sing
     nampa. Lha tuwuhe "islam" mau dadi 'Buddhis' ing India, 'Taois'
ing
     Cina, 'Hindu' ing India, 'Yahudi' ing Palestina, 'Kristen' ing
     Palestina lan 'Islam' ing Jazirah Arab.

     Naliko ing jaman para sahabat besar (Abu Bakar, Umar, Utsman dan
Ali),
     khalifah ora nganggo jeneng 'agama Islam', cukup nyebut sebagai
wong
     Mukmin, mulane Khalifah sinebut "Amirul Mukminin", Amirnya
orang-orang
     mukmin. Wong Yahudi, wong Nasrani lan wong Majusi urip tentrem
ing
     jaman khalifah mau. Lha kabeh ngeroso aman, wong sing dijamin
aman
     (mukmin, ngono kaidah bahasa Arabe). Mulane sapa sing mungsuhi
wong
     dzimmi (wong non-Muslim sing ndherek gesang bebarengan ambek wong
     Islam) dianggep mungsuhi Kanjeng Nabi Muhammad. Amarga wong-wong
mau
     dijamin keamanannya (mukmin). Pancen tembung mukmin saka tembung
     'amana' artinya aman, percaya, 'safe'. Dadi, iman iku kudune
aman, lha
     wong aman iku duwe iman. Tapi, dalam perjalanan sejarah, lha kok
wong
     mukmin luwih sreg ngagem asma 'Islam'. Padahal ing jaman kanjeng
Nabi
     lan para sahabat, luwih seneng dijenengi "MUKMIN". Mulane
perintah
     ning Al Quran tansah nganggo panggilan "WAHAI ORANG-ORANG YANG
     BERIMAN, ora wahai wong-wong sing agama Islam.

     Rupane, wong-wong sing seneng ngumbar hawanafsune wedi yen sing
     ngrasuk agama Islam mau tansah sinebut "mukmin". Mulane
pelan-pelan
     digeser nganggo tembung "MUSLIM" --- ISLAM. Tidaklah beriman
seseorang
     yang tetangganya tidak aman dari gangguan lisan dan tangannya
(hadis).
     Mulane jeneng Islam disenengi ambek panguwoso, lha membuat
tetangga
     menderita pun tetap "Islam" meskipun tidak beriman,
he....he....he..
     he...heh.

     Matur nuwun,
     chodjim


----------------------------------------------------------------------
--
SURADIRA JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI
langganan: [EMAIL PROTECTED];
japri: [EMAIL PROTECTED]; [EMAIL PROTECTED]
golek dollar:
http://www.gotoworld.com/getpaid/default.asp?rid=1022156669


----------------------------------------------------------------------
--
GET A NEXTCARD VISA, in 30 seconds!  Get rates as low as 0.0%
Intro or 9.9% Fixed APR and no hidden fees.  Apply NOW!
http://click.egroups.com/1/911/5/_/10567/_/949378943/


eGroups.com home: http://www.egroups.com/group/wjseto
http://www.egroups.com - Simplifying group communications







-- Situs sulap pertama di Indonesia http://www.impact.or.id/dmc-sulap/
Untuk bergabung atau keluar dari Milis, silakan LAKUKAN SENDIRI 
Bergabung: [EMAIL PROTECTED]
Keluar: [EMAIL PROTECTED]

Sambut MASA DEPAN BARU Indonesia!










Kirim email ke