--- In madiun-club@yahoogroups.com, mohammad djumala <[EMAIL PROTECTED]> wrote: > > tulung kang ucup.....diterjemahke...!!! > ben ngerti.....maksude !
=========== sakjane syaire gombloh iki gak persis lengkap kaya wedhatama, loncat-loncat kadang ditambah-tambahi.. terus angele ngartekne sastra wis bahasane angel, tembunge kadang-kadang "aneh"... merga nguber suapaya "guru lagu" karo "guru wilangan" cocok (jumlah suku kata utawa bunyi irama) lha wong mentelengi syaire lagu peterpan ae kadang-kadang bathuk njengkerut kok... > mingkar mingkuring (=ngedohi) angkoro (=kejahatan) > akarono karnan mardi siwi = merga mangsane niyat "mardi siwi" (=mulang bocah-bocah) > sinawung resmining kidung =dikemas nganggo lagu sing merdu > sinubo sinukarto (=supaya indah). ====seteruse ana baris sing hilang > > aduh gusti, pakertining ngilmu -> iki tambahan Gombloh dewe.. > ingkang tumrap ning ngalam dunyo -> asline "tumrap neng tanah jowo" > agomo ageming aji -> ana sing negesi "agama sing dianut para raja" ana sing ngartekne "ajine menungsa merga saka ngagem agama" ==== ana beberapa bait sing dilompati, ujug-ujug > sopo entuk wahyuning Allah --> sapa entuk hidayah saka Gusti Alloh > gyoh dumilah mangulah ngilmu bangkit --> gampang olehe paham ngelmu > bangkit mikat reh mangukut --> gumregah ngrebut reh (kekuasaan) > kukutaning jiwanggo --> kasampurnan jiwa & angga (=batin & lahir) === lompat meneh, ujug-ujug > yen mangkono, keno sinebut wong sepuh -> gak sak diartekne > liring sepuh, sepi howo ... > hakikatne sepuh, gak gampang ngumbar hawa napsu: amarah, sopiah, aluamah, mutmainah gak termasuk alfiyah.. awas loro ning atunggil --> awas karo "dwi tunggal" iki ngelmu tuwane sing jero.. bisa "jagad cilik-jagad gede", "makrokosmos- mikrokosmos" maksude wadah beras gede karo wadah beras cilik, bisa uga konsep manunggaling kawula-gusti... wis ah... saya nggladrah... iki asline gak onok: > hong wilaheng sekareng bawono langgeng ... sekar mayang > hong wilaheng sekareng bawono langgeng ... sekar kajang > hong wilaheng sekareng bawono > hong wilaheng sekareng bawono > kangucup <[EMAIL PROTECTED]> wrote: > Iku bagian soko Kitab "Wedhatama" sing ditulis karo Eyang KGPAA > Mangkunegoro IV salah satu buku sing lahir jaman Kridha Kapujanggan > Surakarta. Nalika kraton Mataram di-devide et impera karo Wolanda > dadi Surakarta, Mangkunegara, Jogya para raja gak nduwe kekuasaan apa- > apa meneh kasare iso disebut mung pegawai-ne Walanda. Mula kangge > mempertahankan kekuasaan, diem-diem para raja iku nulis utawa nyewa > penulis gawe buku-buku sastra. Supaya bukune bisa ditampa karo kabeh > golongan khususe para santri biasane isine campuran antara sastra > Jawa kuno nganggo bumbu-bumbu Ilmu Tasawuf. Mula lahir "buku tuwo" > bangsane Wedhatama, Wirid Hidayat Jati, Serat Ambiya, Menak > Jayengrana, Wulangreh, dll sing isine mambu Islam.. Terus sing kurang > seneng gawe tandingan, nggawe buku kaya "Gatholoco" sing isine ngelek- > elek Islam karo ngancam ana titi wancine Sabdo Palon Noyogenggong > arep balas dendam.. embuh kapan... > Weleh kok kelingan lagune swargi Gombloh sing nyontek persis (tanpa > royalty?) layang Wedhatama, tur dirubah karo loncat-loncat.. nang > lagu, embuh apa maksude kok judule "Hong Wilaheng" > tapi sakdurunge ngrungokne lagu.. menyane dibakar dhisik... > lho bocah ki piye.... > kon ngebong menyan kok malah mbakar jadah... > > iki lagune: > > > mingkar mingkuring angkoro > akarono karnan mardi siwi > sinawung resmining kidung > sinubo sinukarto > > aduh gusti, pakertining ngilmu > ingkang tumrap ning ngalam dunyo > agomo ageming aji > > sopo entuk wahyuning Allah > gyoh dumilah mangulah ngilmu bangkit > bangkit mikat reh mangukut > kukutaning jiwanggo > > yen mangkono, keno sinebut wong sepuh > liring sepuh, sepi howo ... awas loro ning atunggil > > hong wilaheng sekareng bawono langgeng ... sekar mayang > hong wilaheng sekareng bawono langgeng ... sekar kajang > hong wilaheng sekareng bawono > hong wilaheng sekareng bawono > > > > > > --- In madiun-club@yahoogroups.com, "Eko Drajat, Nugroho > \(Tripatra\)" <[EMAIL PROTECTED]> wrote: > > > > Iki terjemahan versi saya ............ Sila dikoreksi bila ada yang > > salah: > > > > jinejer neng Wedhatama => jejer utawa lenggah neng kalangan > > wong-wong sepuh (dalam hidup bermasyarakat) > > > > mrih tan kemba kembenganing pambudi => supaya ora ana > cidra/tipu > > muslihat > > > > mangka nadyan tuwa pikun => mangka nadyan wis tuwa > > > > yen tan mikani rasa => nek ora duwe rasa (perasaan/hati/tata > > krama) > > > > yekti sepi asepa lir sepah samun => sungguh tiada berguna (iki > > sanepa/perumpamaan) > > > > samangsane pasamuwan => dalam bermasyarakat > > > > gonyak-ganyuk nglelingsemi. => akan membuat malu/aib. > > > > Kalau ada koreksi sumangga. > > > > Salam > > > > > > > > > "menjalin persudaraan dan kebersamaan warga madiun" > motto : lebih dekat dengan kampung halaman > untuk gabung : [EMAIL PROTECTED] > untuk keluar : [EMAIL PROTECTED] > > > > SPONSORED LINKS > Indonesia visa Indonesia phone card Indonesia calling card Indonesia travel Bali indonesia Indonesia > > --------------------------------- > YAHOO! GROUPS LINKS > > > Visit your group "madiun-club" on the web. > > To unsubscribe from this group, send an email to: > [EMAIL PROTECTED] > > Your use of Yahoo! Groups is subject to the Yahoo! Terms of Service. > > > --------------------------------- > > > > > > __________________________________________________ > Do You Yahoo!? > Tired of spam? Yahoo! Mail has the best spam protection around > http://mail.yahoo.com > ------------------------ Yahoo! Groups Sponsor --------------------~--> Get fast access to your favorite Yahoo! Groups. Make Yahoo! your home page http://us.click.yahoo.com/dpRU5A/wUILAA/yQLSAA/vbOolB/TM --------------------------------------------------------------------~-> "menjalin persudaraan dan kebersamaan warga madiun" motto : lebih dekat dengan kampung halaman untuk gabung : [EMAIL PROTECTED] untuk keluar : [EMAIL PROTECTED] Yahoo! Groups Links <*> To visit your group on the web, go to: http://groups.yahoo.com/group/madiun-club/ <*> To unsubscribe from this group, send an email to: [EMAIL PROTECTED] <*> Your use of Yahoo! Groups is subject to: http://docs.yahoo.com/info/terms/