pak bambang tok... kula bayangne rongpuluh tahun kepungkur, kampung kula ndelopo kemringet, kepingin ngabari anake sing nang kota liya ae kudu menyang mediyun. rumangsa kula jaman niku mediyun niku kok adoh banget, wong nek sore dijanjeni sesuk dijak menyang mediyun ngono ae, sewengi wis gak iso turu. wong mlakune ya rekoso banget, wiwit metu saka omah mlaku lewat galenganlunyu. tumeka ratan deso terus nyegat dokar sing lewate gak mesthi, tekan pasar ndelopo ganti karo bis "liem" utawa "hansa" jurusan ponorogo-mediyun, tekan pabrik es ganti becak tumuju kantor telpun kidul bioskop lawu. arep telgram isik kudu ngantri, padahal isi sing arep dikirim mung cekak aos merga mbayare tergantung jumlah hurup: "harap pulang, bapak sakit"... wis dikirim ya gak yakin, bisa tekan apa ora nganti si anak mencungul mulih ndeso. sinten sing mbayangne mergi perkembangan telekomunikasi... sakniki BTS telepon seluler sumebar tekah ndeso kluthuk pucuk nggunung, kirim "telegram" SMS saka ngendi-endi. malah nang muneng karo numpak kebo bisa ngobrol karo pak janto nang sandhing kutub sing lagi ngelus-elus beruang sing lagi nangkepi iwak salmon...
--- In [email protected], "bambang_tok_3pas" <[EMAIL PROTECTED]> wrote: > > Onten benere kok mas Surya, > > Bener kok, nek misale dibandingke karo brompit ngono. > Coro carane jamanku trek trek an ndisik neng Mediun, ... Mrebet! > > Nek menurut teorine (dadi maca sekejap...), rak kira kira prosedur > email ya isa diumpamakne nek awake dewe kirim surat lewat kantor > pos. Surat ditulis, kertase dilebokne amplop, diwenehe kepada siapa, > terus alamat si pengirim, di prangkoni. > Selanjutnya dilebokne bis surat, ndisik jamanku sik neng Mediun enek > neng pojokan alon alon, jedake rumah makan sing dodoaln gule karo > ayam. Nunggu pirang jam ngono, rada sorean sitik teko pake saka > kantor pos sing nglumpukne surat surat saka bis surat sing terletak > nyebar sak kota. > Tekan kantor pos, surat di sortir, endi sing alamat tujuanane > Plaosan, endi sing Banyuwangi, Balikpapan, Jakarta lan LN. > La surat sing jurusan Maspati, Magetan, Plosan, Sarangan ya diangkut > karo dokar (apa sik enek saiki?), nek ora ya apa kono mobil lah neng > Magetan. Tekan Magetan di sortir meneh. > > La sing jurusan ngetan, Nganjuk, Kertosono, Jombang, Mojokerto, > Suroboyo nganti Banyuwangi ya ditumpake sepur sing jurusan ngetan. > Sing surat ngulon, kaya ta Jakarta lan LN ditumpake sepur ngulon. > Rak ngono critane.... > > La mengko kaya sing LN, ya sik dipilah pilah digolekna montor muluk > sing pas. Berhubung Garuda wis ora tekan endi endi, ya isa ditumpake > Emprit Air utawa Fly Glatik sing luwih murah lan slamet. Tekan > tujuan ya mestine di sortir meneh lan sak teruse isa nganti tujuan. > > Nang nduwur, caraku ngerti sewektu guruku wong londo nerangke neng > kelas biyen. Bareng tak umpamakne ngono ... Process email & > Internet, eee... Allah kok ngono ta tibake... lagi setengah mudeng > (ya tetep ora 100% mudengku, la dasare mung wong kidul pabrik es > kok, sering mbrebet)aku. > > La nek nganggo bhs sekolahan, tak kira isa jaluran komunikasi neng > omah sing ora stabil (network), isa Modem-e, isa Server nggone Mail > Provider-e, isa komunikasi diarea mas Surya tinggal, misalnya saja > kapasitas jaluran yang ada untuk komunikasi 'overload' utawa kakehan > trafik (isa dibayangne nek don jalanan jam masuk kerja), sedangkan > jalan bypass yang didesign kurang memadai, coro carane dalane > kesempitan > utawa isa antara provider mail-e mas Suryo ora isa jabatan tangan > erat karo sialamat, misalnya saja milis iki sing nganggo Yahoo terus > emaile mas Suryo dudu Yahoo. > > Nek emaile mas Suryo dudu Yahoo, coba ganti email mas, ke mas_suryo > (et)yahoodotcom, sok sok isa luwih gampangan kontake. > Sak niki, Yahoo cukup lumayan safe kok. Secara umum Provider > Indonesia lambat (xx.go.id , co.id , cbn. net.id) kalau dibanding > dengan yang di LN. > > Empun ngoten rumiyin .... > Niki kulo lagi ten nggene ngajeng komputer lan ngopi. Telo gorenge > sing mboten gadah. > > Nuwun... > > --- In [email protected], Surya <surya@> wrote: > > > > Mbok menowo kakehan oli mas ? > > Utowo keseringan ganti oli he he he (ora ono hubungane yo) > > salam > > > > Eko Drajat, Nugroho (Tripatra) wrote: > > > > > > Test ¡Ä¡Ä. > > > > > > Kenapa ya email saya sering banget bouncing ?? > > > > > > > > > Salam > > > > > > "menjalin persudaraan dan kebersamaan warga madiun" motto : lebih dekat dengan kampung halaman untuk gabung : [EMAIL PROTECTED] untuk keluar : [EMAIL PROTECTED] Yahoo! Groups Links <*> To visit your group on the web, go to: http://groups.yahoo.com/group/madiun-club/ <*> To unsubscribe from this group, send an email to: [EMAIL PROTECTED] <*> Your use of Yahoo! Groups is subject to: http://docs.yahoo.com/info/terms/
