Postingan mas Hadik tak prinout trus tak waca bolak-balik dek bengi , sakjane kepriye yo,???
aku setuju karo mas hadik lan kangucup ,..... sing keno musibah kuwi dudu hukuman , mungkin luwih tepak takdir,...utowo ujian,...
sing slamet soko bencana sing wis beriman imane dadi tambah kuat , sing durung beriman dadi eling yen urip mati urusan Gusti Allah dadi terus beriman ,........
Gusti Allah Maha Pengasih lan Penyayang , Tuhan penuh kasih,......
Tuhan jadikan aku yang terbaik menurut kehendakmu ,..........
Amin,............


kangucup wrote:

Maturnuwun mas Hadi....

Kula setuju sanget kalih pemikiran njenengan niku. Pancen nek kula tingali bencana minangka ukuman saking Gusti Allah, bebendune ingkang mbaurekso utawa ngamukipun nyai roro kidul lsp niku wacana ingkang asalipun saking masalahan komunikasi.
Maksud kula "bencana" sampun dipun damel momentum tumrap para pengajar, guru, ngulama, penghayat kepercayaan, kejawen. gatoloco, kelompok sekte, lsp kangge damel thema dakwah, promosi, propaganda, marketing, dll. Kados nalika piala dunia mulai pabrik kacang atom, minuman, rokok, ngantos mobil sedaya promosi benrbau "piala dunia"….
Ananging radi sayang.. pancen sok wonten ingkang over confidence utawi "sok tau", njampangi kersaning Gusti…Kegedhen rumaos, prasasat wis Gusti piyambak, kanthi gampang ngarani nek bencana niku ukumane Gusti, padahal saged kemawon kersane Gusti sanes niku… sinten ngerti  bencana malah dados ujian (nek lulus munggah pangkate), bencana minangka pepiling (isik lumayan dielingne bisa kembali ke jalan bener), bencana is the bencana itself, nanging saged mawon bencana minangka wujud sih katresnan Pangeran dumateng titah (dipun slametaken saking bencana ingkang langkung ageng)... Kita sedaya niki namung titah kita mboten badhe saged mbedhek napa kersane Gusti Allah......
Peristiwa alam, kados sing pun nate kula aturne sakbubaripun tsunami Aceh rumiyin…lumampah miturut takdiripun piyambak, utawi miturut boso agamanipun "sunatulloh". Conto ekstrim, menawi wonten menara mesjid tapa penangkal bledeg ngadeg ing celaking bangunan maksiyat sing konstruksi kuat ngangge penangkal petir sing sae.. ndilalah terus onten bledeg nyamber-nyamber teng daerah ngriku, pundi sing bakal kena disik? Logikane mesthi menara mesjid…. Nah bledek nyamber bangunan sing mboten diparingi penangkal petir niku sunatullah… mila jelas… menawi wonten menara mesjid tanpa penangkal petir kesamber bledeg.. niku mboten berarti Pangeran "kejam" utawi paring "ukuman"… Menawi wonten tiyang sing mapan teng pinggir kali terus kebanjiran niku nggih mboten mergi Gusti Allah kejem, menawi wonten tiyang nek numpak montor biasa byayakan tur ngebutan, suatu hari tabrakan nganti pecah ndase niku nggih mboten berarti Gusti Allah kejem.....
Suwun...

Salam...


--- In madiun-club@yahoogroups.com, hadik <[EMAIL PROTECTED]> wrote:
>
> nuwun sewu sedoyo kemawon...
> bencana alam ingkang sakmeniko nembe nimpa meniko kok dados fenomena ingkang unik.Katah ingkang nanggapi menawi meniko ukuman saking Gusti Pangeran utawi meniko ulahipun Nyi roro kidul lan sapanunggalanipun...
> Mbok cobi sami dipun waos/pikir ingkang luwih sareh...
> Gempa meniko fenomena alam ingkang sampun di perkirakan, meskipun perkiraanipun saged terjadi antara 50-100 th (waktu perkiraan terjadinya bencana/spare waktu). Ugi penyebab bencana ingkang sampun terang, inggih meniko tumbukan antara benua Indo-ostrali kaliyan benua eurasia.
> Perkawis Ukuman saking Gusti Kang Murbeng Dumados meniko urusanipun Gusti Alloh piyambak...kito manungso sedoyo mboten saged ngarani menawi meniko ukuman amargi polah tingkahipun manungso...lan menawi meniko dipun sebut ukuman kok yo begitu "kejamnya" Gusti Pangeran meniko...katah ingkang luwih berbuat kejam...berbuat maksiat..dan segalanya yang sia-sia...lha kok rakyat Aceh, Jogja lan Pangandaran kemawon ingkang dipun ukum...lha meniko perlu kita renungkan ...sak derengipun ngarani menawi meniko Hukuman Saking Gusti Pangeran...Menawi tetep berpendapat meniko ukuman saking Gusti Kang Akaryo Jagad...lha berarti lak sampun ngarani menawi Kita lebih "tidak berdosa" dibandingkan kaliyan sederek-sederek ingkang nampi bencana...utawi dengan kata lain bahwa "mereka berdosa hingga patut dihukum, sedangkan yang lain karena tidak/kurang dosa maka tidak dihukum dengan bencana"(meskipun secara implisit atau tidak terkatakan)...nah kalimat meniko ingkang kulo khawatir..
> Menawi perkawis klenik nyi roro kidul lan sapanunggalanipun meniko..wah...kulo mboten komentar kemawon...(sampun cekap pak permadi kemawon ingkang ngawur!!)
> akhirnya marilah kita lebih arif menyikapi bencana ini..lebih saged memandang secara jelas..tanpa harus mengait2kan dengan hal-hal ingkang kulo kinten diluar pengetahuan sebagai manusia...
> Cekap semanten...menawi tulisan meniko diraos kasar lan nglarani manah para sederek sedoyo...kulo nyuwun ngapunten ingkang kathah...
>
> salam,
> hadik
>
> mohammad djumala [EMAIL PROTECTED] wrote:
> sampai dengan hari ini selasa (18/7) jam 05.00 WIB dipastikan jumlah
> korban tewas 109 orang
> belum ada data resmi yg dirilis pemerintah , dari 109 korban tewas tersebar
> diberbagai lokasi musibah
>
> 1. Cilacap : 37 org
> 2. Cipatujah : 3 org
> 3. Suwuk : 1 org
> 4. Santolo ,Garut : 1 org
> 5. Pangandaran : 62 org
> 6. Pameungpeuk ,Garut : 1
> 7. binangun : 2
> 8. Gunung Kidul : 2
>
> ---------------------------------
> See the all-new, redesigned Yahoo.com. Check it out.
>
>
>
>
> ---------------------------------
> Talk is cheap. Use Yahoo! Messenger to make PC-to-Phone calls. Great rates starting at 1¢/min.
>

__._,_.___

"menjalin persudaraan dan kebersamaan warga madiun"
motto : lebih dekat dengan kampung halaman
untuk gabung : [EMAIL PROTECTED]
untuk keluar : [EMAIL PROTECTED]





SPONSORED LINKS
Indonesia visa Indonesia phone card Indonesia calling card
Indonesia travel Bali indonesia Indonesia


YAHOO! GROUPS LINKS




__,_._,___

Kirim email ke