katuranggane wanita...
katuranggan.. kuwi tegese ilmu pe-jaran-an.. yaiku ilmu sing disinau supaya
bisa milih jaran  mung ndelok bentuk fisik thok tanpa "test drive"… nanging
sakliyane kanggo jaran cabang ilmu "katuranggan" ya ana sing kanggo "manuk
perkutut" lan .. nuwun sewu "wanita"... sing jelas kedua terakhir gak bisa
dipadakne sing pertama merga perkutut lan wanita jelas dudu jaran wis dadi
takdire minangka binatang tunggangan...
tembung "wanita" nurut kamus jawa koena karangane mbah zoetmulder... nyuwun
sewu pancen "melecehkan" wanita artine "sing dikersakne"...  duh nang ngendi
harkat lan martabate makhluk yang berjenis kelamin wanita iku... nek mung
dianggep kaya dene barang "sing dikersakne" (mesti wae sing ngersakne ya
para pria ta...). tapi bisa ae artine wanita iku "makhluk sing dikersakne"
alias makhluk yang "banyak maunya"...
najan ngono ing dunia militer istilah wanita dadi istilah baku, contone ing
pulisi (masiyo wis dudu militer tapi  secara ciri-ciri isik kental militer)
disebut polwan alias pulisi wanita, gak beda ing ad (sing disebut kowad),
ing al (disebut kowal) lan ing au (disebut wara). konon sampek saiki pancen
ing militer wanita isik sering dadi sumber pelecehan.. serdadu wanita isik
dadi sumber nesune komandan...  merga saben kon tiarap mesthi malah mlumah
ngathang-ngatahang.... merga wis kebiasaan... apa bedane seraddu lanang sing
angger diperintah sit-up senengane malah push-up....
beda wanita, beda "perempuan" istilah sakjane luwih ngajeni, merga asale
"perempuan" iku saka tembung "empu"... alias "induk"... tapi makhluk
berjeneis kelamin perempuan umume rumangsa luwih bangga nek disebut "wanita"
ketimbang disebut "perempuan" sing terkesan ndesit lan koeno...
nah saiki mbalik nang nggone katuranggane wanita...
ana buku koeno sing mbahas katuranggan wanita lan ana beberapa
kajian/penelitian ilmiah ing babagan iku...
jare merga ilmu iku mung mung ndelok fotone thok (karo nomere apa ora gak
jelas) si ahli bisa nebak kaya apa tandang gaene si wanita nang foto iku...
wallahu a'lam...
ing centhini ana pedoman milih wanita sing pantes dienggo garwo antarane:
tipe mBuLAN nDADARI yaiku sing raine sumringah rada bunder, awake sedengan
alise kandel, rambute ireng lemes, merit kencete. utawa tipe PISANG SULUH,
awak imut, kulit kuning, pasuryane ketok ana otot semburat ijo, sinom ketel,
mata amba rada belo, mranani ati saben pria sing nyawang, tindak tanduke
merak ati, gawe welas asih dan jatuh cinta pria sing isik normal.
nek jenis SEMONGGO WARU iku sing awake lencir, kulite ireng manis, bangekane
merit, payudarane montok dan mata rada amba, atine rada nyengit nek rambute
kriting basane pinter nyimpen rahasia... cocok dijak selingkuh ketoke
iki....
LINTANG KARAINAN iku sing awak imut, rambut ireng kandel, kulit sawo mateng,
alis kandel, montok lan bangkekan merit, bisa nyimpen wadi, atine alus
gampang tersinggung lan gampang putus asa... tapi gampang jatuh cinta...
gampang diglembuk kali ya...
DURGASARI, awak ipel-ipel nanging dempal, kulit sawo matang, rambut tipis,
bangkekan sedengan, sikil kandel, dlamakan njebebeh (ketoke cah panekan
merga sering munggah gunung), susu gede montok, nek omong ceplas-ceplos,
tandang gawene sak kepenake, nanging jujur apa anane....
 SUBONDRIO: awak rada langsing lan lencir, kulit kuning bangkekan cilik,
rambut kandel, sabar, setia, gak gampang kena goda.
 RAKSASA DURGA, badan dempal, kulit ireng, rambute kriting, susu gede sikile
cilik... berarti mlakune oyag-ayig...
 MRICA PECAH, badan ramping/singset,kulit kuning rada putih,rambut biasa dan
awak rada montok, bisa nyimpan rahasia kanggone pria menawan hati.
 MACAN KETAWAN, raine sumringah,mata mblalak, badan rada gedhe,kulit
bang-bang awak, adate keras, tabah ngadhepi goda,seneng nulung lan bisa
sabar.
Ciri liyane:
Bentuk sirahe bunder. Wajah bunder kaya wulan purnama. Jidate rata lan
serasi.
Matanya rada amba/njahit, tapi enak disawang.  Sorotan mripate cumleret
tajem, arang-arang kedep lan gak seneng lirak-lirik.
Alise rada lurus dan idepe rapi.
Irunge lurus lan rada mbangir garis sisi kiwa tengen irung katon jelas.
Ambane tutuk (cangkem) sederhana. Lambene mingkem rapet untune gak ketok.
Nanging ketok sumringah. Lambene rata gak ketok cembung.
Kupinge kandel lan bentuknya apik.
 Janggute menarik dan daging nang janggut ketok kandel.
 Driji-drijine lancip, tapi kukune kandel. Tapak tangankandel. Tapi bagian
tengah alus kaya sutera... Nuwun sewu sing seneng ngucek-ucek kumbahan..
Bentuk tapak kaki dan drijine apik, tapi drijine kandel tebal tapi lembut
dan kaku nenawa lagi midak lemah.  Kuku kandel.
 Badannya amba lan daging punggunya kandel (mentek).
 Balung-balunge rangka sederhana utawa alus, kulitnya ya alus lan lemes,
tapi singset... nuwun sewu sing wis kendor..
Nek ngguyu awake ora melok obah-obah, utawa ajrut-ajrutan.
Lungguhe teratur rapi. Nek lungguh timpuh, sikile rapet lan rapi. Nek
lungguh anteng ora pencilakan.
Nek mlaku lembeyane kaya blarak sempal maksude gak nganti mbukak ketek dan
awake gak melok lenggak-lenggok...
 Nek wis nemu ya sukur... nek sisihan sampeyan gak duwe ciri-ciri iku ya gak
perlu golek meneh sing duwe ciri ngono iku..

Kirim email ke