Tolong diterjemahin dong
> Nek sampeyan 'dho ngguyu ngantek nangis
> kepeceng-peceng, aku iki ora nanggung jawabi lho !
> Mongo saderek bade mirsani !
>
> Kula' pokoke nyuwun sewu sik sadurunge.
> Iki mung kanggo guyon thok.
>
> =============================
> 1. Wong sing ORA JUJUR.
> Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo.
>
> 2. Wong GOBLOG
> Wong sing ngampet ngentut nganti jam-jaman.
>
> 3. Wong sing jembar WAWASAN-e
> Wong sing ngerti kapan kudu ngentut.
>
> 4. Wong sing SENGSORO
> Wong sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut.
>
> 5. Wong sing "MISTERIUS"
> Wong sing nek ngentut, wong liyo ora ono sing ngerti.
>
> 6. Wong sing GUGUPAN
> Wong sing ujug-ujug nyetop entute nek pas lagi ngentut.
>
> 7. Wong sing PERCOYO awake dhewe (percaya diri)
> Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune wangi
>
> 8. Wong KEJEM (sadis)
> Wong sing nek ngentut nang amben terus ngibaske
> seprei-ne nang ambene koncone.
>
> 9. Wong sing ISINAN
> Wong sing nek ngentut ora muni ning terus
> rumongso isin.
>
> 10.Wong sing STRATEGIS
> Wong sing nylamurke entute kanthi ngguyu cekakakan.
>
> 11.Wong sing BODHO.
> Wong sing nek bar ngentut terus ngunjal ambegan
> dienggo ngganti entute sing metu.
>
> 12.Wong CETHIL.
> Wong sing nyadhangke entute (nek ngentut diencret thithik-thithik).
>
> 13.Wong SOMBONG
> Wong sing seneng ngambu entute dhewe.
>
> 14.Wong RAMAH
> Wong sing seneng ngambu entute wong liyo.
>
> 15.Wong sing ORA SENENG SRAWUNG
> Wong sing nek ngentut ndhelik.
>
> 16.Wong "AKUATIK" (iki boso jowone opo yo?
> tulung rek terjemahno)
> Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben-e
> muni "blekuthuk-blekuthuk".
>
> 17.Wong sing ATLETIS
> Wong sing nek ngentut karo ngeden.
>
> 18.Wong JUJUR
> Wong sing ngakoni nek bar ngentut.
>
> 19.Wong PINTER
> Wong sing niteni ambune entut tonggone.
>
> 20.Wong SIAL
> Wong sing nek ngentut mesthi katutan AMPASE.
>