dear all,
rame banget yo soal iki :) berhubung aku duduk PNS yo gak isok akeh komentar. Cuman berhubung aku due project yang berhubungan karo PNS dadine isok urun rembuk, intine siji PNS kui penak. Arep dikapak-kapakno tetep enak, bah diseneni bos e, bah dikei gawean, bah opo ae tetep enak, soale sante, ga perlu akeh mikir, ga wedi dikejar target, bah bah sing akeh wes :)) pengalaman ndidik PNS ndek suatu institusi, soal Mailserver, selama 3 bulan ndak onok siji sing nyantol, diulang maneh, nyantol sithik, sampe saiki lek ditakoni cuman akeh laline. Padahal sing ngajar kui dikei tanggungjawab kudu ndidik supoyo ben isok ngopeni mailserver. Lak blaen lek wes suwe diajari tapi lali ae. intine, lek pingin dadi PNS monggo, gak perlu dipertanyakan. Tapi lek pingin dadi pekerja swasta yo silakan, ndak onok sing melarang. Sing dadi pengusaha, malah bagus lagi, ayo ndang siap-siap. Sopo ngerti isok membuka lapangan pekerjaan. Lek pingin dadi pengangguran ojo, sayang ilmu lan kemampuane. sorry lek onok sing ndak menakke :) -danok- ~cumanburuhpabrik~
