Subject: REHAT BUDAYA NUSANTARA : KE DEPAN ganti yang jelek, munculkan yang baik
(generasi) YANG LALU/KINI RUSAK LEWAT, MENDATANG LEBIHLAH� Masih BULAN SURO, tahun Jimakir 1938 Jawa. Bagi, oleh dan dari kalangan yang masih SADAR BUDAYA, tak hendak lena oleh tiupan �hal-hal impor� yang eksesif, pepeling pepali sampai pepacuh direnungi kembali. Bukan gugontuhon bin superstitious, namun TIMUR. Sejati. Dua lagi sekar kidungan. Tentu dengan asa dan visi. Yang satu sesambung dengan segurat lela-lela-ledhung bagi suta putra-putri, juga seputar KELAHIRAN dan jaarig, agar kelak menjadi MANUSIA UTAMA. Bukan manusia �sara� namun menghimpun, rukun satukan, ksatria buana. Bukan petinggi depdiknas yang sebenarnya blooon kependidikan itu, apalagi budaya. Yang kedua, sebuah pengeling, sadar, manakala mau menempati RUMAH (TANGGA) BARU, pun WARGA baru. Makna selalu kaya, bukan terbethot kata. Aksara dan caraka itu mati, kitab bukan ruh. Dunia seisinya, segenap mahluk, itu cerminan keMAHAan sang khalik. Jangan lagi terpelanting, kepleset oleh �I don�t care�. Hehehe, apalagi merasa paling suci. Piaralah rawat dan ranumkan selalu BUDAYA. Agar tak jadi buaya! Bagus jadi para Badui dan Samin kalawan Tengger, daripada �manusia kota� loba berkedok �saleh-ayat�. Waspadalah, jangan sampai termakan betara kala Selamat week-end. Nuwun! Salam Syalom Damai Santi Rahayu Satuhu. INDONESIA JAYA Gegunungan Nusantara, Maret 2005 ki dulkamdi Kidung Marmarti (DANDHANGGULA) 1. Ana kidung ing kadang marmarti, among tuwuh ing kawasanira, nganakaken saciptane, kakang kawah punika, kang rumeksa sarira mami, anekakaken sedya, ing kawasanipun, adhi ariari ika, amayungi laku ing kawasaneki, ngenakaken pangarah 2. Punang getih ing rahina wengi, ngrerewangi ulah, kang kawasa, andadekaken karsane. Puser kawasanipun, nguyuuyu sabawa mami, anuruti panedha kawasanereku, sangkep kadang ingsun papat, kalimane pancer wus dadi sawiji, tunggal sawujud ing wang 3. Mangkya kadang ingsun kang umijil, saking marga hina pareng samya, sadina amor enggone, kalawan kadang ingsun, ingkang ora umijil saking, marga hina punika, kumpule lan ingsun, dadi makdum sarpin sira, wewayangane dzat reke dadya kanthi, saparan datan pisah 4. Yen angidung sarwi den pepetri, amemuleya golong lelima, takir ponthang wewadhahe, iwak-iwakanipun, ulam tasik rawa myang kali, lawan ulam bengawan, mawa gantalipun, rong supit winungkusana, dadya limang wungkus artanya nyaduwit, sawungkuse punika 5. Tumpangena ponthang anyawiji, dadya limang wungkus ponthang lima, sinung sekar cepakane, roro saponthangipun, kembang boreh dupa ywa kari, memetri ujubira, dongane majemuk poma dipun lakonana, saben nuju dina kalairaneki, agung sawabe uga 6. balik lamun nora den lakoni, kadangireku samya rencana, temah ura saciptane, sasedyanira wurung, lawan luput pangarahneki, sakarsanira wigar, anggagar tan pantuk, barang ing sakayunira, marma kaki elingelingen sayekti waluyaa KIDUNG BALE ANYAR (DURMA) 1. Ana kidung sun angidung bale anyar, tanpa galar asepi, ninis samun samara, patining wuluh kembang, siwur burut tanpa kancing, kayu trisula, gegarannya calimprit 2. Sumur bandung sesirah talaga muncar, tibeng jaja ajail, dhindhing endhas parah, ulurulur liweran, tetambang jaringing maling, dhadhal dhadhanya, gegulung ing gegapit 3. Naga raja pangawasan manik kembang, kembang gubel abaji, tajem neng kandhutan, udhune sarwi sungsang, karangsangan anguthuil, angajakajak, jujuljujul anjungkir 4. Prapteng ngandhap cinandhak inguluk salam, ingaweran tumuli, ana Kenya prapta, sajodho ngaku kondhang, endi jambe roro janji, roro binuwang, aja waniwani 5. Rara wudhu apepayung kalacakra, titihane nagaji, sabet ula lanang, sinabetaken ngetan, larut lara pan kabalik, katulak ngetan, sinabetaken malih 6. Lara saking kidul sibaet katulak, bali mangidul malih, teka kulon prapta, anulya sinabetan, pan kabalik ngulon malih, teka lor prapta, sinabetan wis bali 7. Lara saking nginggil sinabet katulak, bali manginggil malih, lara saking ngandhap sinabet bali ngandhap, pancabaya wus kapipit, sanak kang prapta, saking wetan aputih 8. Kuthanipun salaka ki tarulata, nggawa bala sakethi, ayu pangreksannya, teguh luput ing lara, sanakingsun kidul prapti, ki manguntara, abang kuthanira brit 9. Gawa bala pitung ewu pangreksannya, nulak sagung panyakit, sirna sunya baya, sanak sun kulon prapta, ki mangit warnanya kuning, kuthanya emas, balane pitung kethi 10. Pangreksannya ayu luput ing rencana, teluh tuju lan telik, pan sima sadaya, sanak sun elor prapta, ireng ran ki balesupi, kuthanya tosan, nggawa bala sakethi 11. Pangreksannya luput ing rencana, alahuma seksi bumi, ingkang neksenana, ing langit keblat papat, malaekat angideri, nabi saleksa rumeksa siyang ratri 12. araketa malaekat kawan nambang, sadaya rupa peksi, anucuki lara, utawa impen ala, upamane sadayekti, cinucuk sirna, rampas papas wus titi ***** __________________________________________________ Do You Yahoo!? Tired of spam? Yahoo! Mail has the best spam protection around http://mail.yahoo.com [Non-text portions of this message have been removed] ------------------------ Yahoo! Groups Sponsor --------------------~--> Take a look at donorschoose.org, an excellent charitable web site for anyone who cares about public education! http://us.click.yahoo.com/O.5XsA/8WnJAA/E2hLAA/BRUplB/TM --------------------------------------------------------------------~-> *************************************************************************** Berdikusi dg Santun & Elegan, dg Semangat Persahabatan. Menuju Indonesia yg Lebih Baik, in Commonality & Shared Destiny. www.ppi-india.uni.cc *************************************************************************** __________________________________________________________________________ Mohon Perhatian: 1. Harap tdk. memposting/reply yg menyinggung SARA (kecuali sbg otokritik) 2. Pesan yg akan direply harap dihapus, kecuali yg akan dikomentari. 3. Lihat arsip sebelumnya, www.ppi-india.da.ru; 4. Satu email perhari: [EMAIL PROTECTED] 5. No-email/web only: [EMAIL PROTECTED] 6. kembali menerima email: [EMAIL PROTECTED] Yahoo! Groups Links <*> To visit your group on the web, go to: http://groups.yahoo.com/group/ppiindia/ <*> To unsubscribe from this group, send an email to: [EMAIL PROTECTED] <*> Your use of Yahoo! Groups is subject to: http://docs.yahoo.com/info/terms/

