Refleksi:  Untuk sekedar mengingatkan si ambon cukimai bahwa bahasa Jawa masih 
tetap eksis dan tidak bisa digantikan dengan bahasa padang pasir ataupun dengan 
bahasa lainnya.


=========



Ngumbah Kucing

Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
“Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?”, takok Bunali.
“Aku katene ngumbah kucing”, jare Wonokairun.
“Gak salah tah Mbah?” Bunali bingung.
“Iyo soale kucingku akeh tumane.”, jare Wonokairun.
“Wah yo, isok mati kucing sampeyan Mbah” Bunali ngilingno.
“Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo”  jare Wonokairun.

Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.

Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
“Yok opo kucing sampeyan Mbah ?”, takok Bunali.
“Kucingku mati “, jare Wonokairun.
“Lho lak temen tah.  Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo.  Laopo, kucing atik 
diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.
“Kucingku mati gak mergo rinso” jare Wonokairun njelasno.
“Opoko lho ??” Bunali gak sabar.
.................................
.................................
“Tak peres . . . .”



===========




--- In [email protected], "Sunny" <[EMAIL PROTECTED]> wrote:
>
> Refleksi: Untuk sekadar meningatkan orang-orang Jawa yang sengaja melupakan 
> bahasa Jawa dan mengantinya dengan bahasa gurun pasir, serta fasih  bercerita 
> tentang unta berkeliaran di padang pasir, dilampirkan sebuah revisi cerita 
> dari Solo guna menyegarkan ingatan bahwa ada juga bahasa Jawa yang diciptakan 
> Alloh. Bahasa ini lebih kaya  elmu serta istilah falsafah maupun botanik yang 
> tidak terdapat dalam bahasa gurun pasir. Monggo! :-)
> 
> http://www.solopos.net/index_detail.asp?id=24052
> 
>       Edisi : Kamis, 23 Agustus 2007 , Hal.B
>      
>       D.......... mitra loro 
> 
> 
>      
>       - Sawijining dina ana wong loro kang memitran raket. Wong-wong iku 
> manggon tunggal sakkampung. Wektu iku warga kampung iku lagi rekasa. 
>      
>       Warga padha kangelan golek pangupajiwa amarga ketiga kang dawa lan 
> ndadekake sawah padha garing. Belik kang sumber banyu kanggo ngoncori sawah, 
> angok lan mung cukup kanggo kabutuhan ngombe padinan wae.
> 
>       Sarehne kabeh warga ngrasakake kasangsaran, warga padha ngadani 
> patemon. Ing patemon iku kabeh warga sarujuk sedya arep mlebu dadi serdhadhu 
> wae. Pangajabe, bisa antuk blanja kanggo nyukupi kabutuhan padinan.
> 
>       "Dhi, awake dhewe iki golek pangan wae kok rekasa temen. Nyambut gawe 
> ngena-ngene meksa ora bisa kesait butuhe. Mulane ayo ta, padha mlebu dadi 
> serdhadhu wae. Panganan dicukupi, sandhangan diwenehi, isih tampa blanjan 
> minggon karo gembolan, rokok erek iya dicadhong. Lo, arep njaluk apa maneh" 
> ujare salah wong iku marang mitrane.
>       Wong iku nerusake wicarane,"Yen dadi serdhadhu, lelungan menyang ngendi 
> wae nunggang sepur utawa bis tanpa mbayar. Pengin nonton, ana bioskop, 
> kethoprak, wayang wong, bayarane murah. Wong urip angger wis cukup sandhang 
> pangane arep golek apa maneh! Lha, panggaweyane lah ya kae, mikul bedhil, 
> mung mikul bedhil mesthi ora abot".
> 
>       "Emoh, kang. Aku ora kepengin. Yen olehe tampa apa-apa iku mulya ya 
> menginake. Nanging aku wedi mati yen perang," wangsulane mitrane.
> 
>       "Dhi, kowe wedi mati yen perang? Mati kuwi bisa ana ngendi-endi, bisa 
> ana ngomah, bisa ana ing sawah. Dhek anu kae ana wong mati ing pasar. Sing 
> padha dadi serdhadhu, iya akeh sing tetep urip nalika mulih saka paprangan. 
> Lan yen ngrembug pati, lah wong sing kepenak leyeh-leyeh utawa keturon ing 
> kamar sing kasure empuk wae bisa mati kok," saute wong iku.
> 
>       "Yen ngono, iya becik. Ayo padha mlebu dadi serdhadhu. Nanging aku 
> janji, wiwit saiki pametune wong loro didadekke siji. Mengko yen padha bisa 
> mulih, padha njupuk separo edhing," celathune mitrane.
>       Bareng wis kenthel rembuge, wong loro iku ndhisiki warga liyane 
> ndhaptar dadi serdhadhu. Lan pranyata saka atusan wong kampung iki kang 
> ndaptar dadi serdhadhu, sing ketampa yang mung wong loro kang memitran raket 
> iku. Wong loro iku krasa mongkog bisa ketampa dadi serdhadhu.
> 
>       Kekarone wis mbayangake bakal nganggo sragam werna ijo lan loreng, 
> sepatu kulit ireng dhuwur utawa sepatu boots, nganggo topi waja utawa baret, 
> sok-sok uga nganggo topi rimba, lan sing paling nggawe mongkoging ati maneh, 
> sedhela maneh bakal nyekel bedhil. Wong sakampung mesthi bakal pada kurmat. 
> Nanging sing paling diantu-antu ya antuk blanja minggon, dhuwit gembolan lan 
> rokok enak cadhongan iku.
> 
>       Ananging durung nganti apa sing dibayangake iku keturutan, bubar 
> pengumuman tampan calon serdhadhu anyar, komandhan wis ngetokake prentah 
> kabeh warga sing ditetepake ketampa dadi serdhadhu bakal langsung diangkatake 
> ing paprangan.
> 
>       Mitra kang jirih iku gila banget weruh wong mati pathing glindhing ing 
> palagan, ana kang mengkureb, ana kang mlumah. Wusanane, wong kang jirih iku 
> milih rewa-rewa lara. Dene mitrane, babar pisan ora wedi meruhi akehe wong 
> kang mati ing paprangan iku. Tandange ing paprangan kayadene bantheng 
> ketaton. Mula dheweke antuk pangalembana saka komandhan lan kanca-kanca 
> serdhadhu liyane.
>       Deweke banjur antuk ganjaran dhuwit akehe Rp 10 yuta. Dene mitrane sing 
> jirih lan rewa-rewa lara iku mesthi wae ora antuk ganjaran, dheweke uga ora 
> nampa apa-apa. Apamaneh ganjaran, diaruh-aruhi kancane wae ora.
> 
>       Sabubare perang lan kasil menang, prajurit utawa serdhadhu loro mau 
> diprayogakake mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Komandan uga menehi parentah, 
> yen sawektu-wektu dibutuhake nagara kanggo ngadhepi mungsuh ing palagan 
> paprangan maneh kudu sumadya. Yen tandang gawene ing paprangan tetep kayadene 
> banteng ketaton lan kasil ngalahake mungsuh bakal antuk ganjaran kang luwih 
> akeh.
>       Nalika kalorone padha mlaku ing ratan tumuju kampung, wong sing jirih 
> mau kelingan marang prajanjen antarane wong sakloron sadurunge ndaptar dadi 
> serdhadhu, yaiku kalorone kudu nglumpukake pametu salawase nyambut gawe dadi 
> serdhadhu lan yen mulih bareng klumpukan pametu iku kudu didum loro padha 
> akehe.
> 
>       Wong sing jirih mau celathu,"Nalika arep budhal biyen, aku karo kowe 
> rak padha janji yen pametune utawa blanjane wong loro diklumpukake banjur 
> diparo. Saiki kowe tampa ganjaran Rp 10 yuta, ayo kene didum karo aku".
> 
>       Mitrane sing antuk ganjaran iku mangsuli,"Bener, Dhi. Aku ora lali 
> marang prajanjene awake dhewe. Yen ngono dadine wong siji tampa Rp 5 yuta. 
> Nanging kejaba dhuwit ganjaran iki, aku isih duwe maneh, yaiku ganjaran tatu 
> papat ing geger. Lah, tatuku papat iku iya kudu didum adhil, dadi kowe sing 
> loro."
> 
>       Wong sing kendel iku banjur ngunus pedhang dawa kang gemandhul ing 
> bangkekan kiwane. Mitrane sing jirih iku karepe arep dibacok gegere supaya 
> duwe tatu padha kalawan tatu ing gegere. 
>       Nanging wong sing jirih iku malah ndheprok keweden, nganti 
> kepuyuh-puyuh, lan banjur celathu kanthi swara gugup semu keweden," Aja, aja 
> Kang. Aku aja mbok bacok nganggo pedhangmu iku. Wis prajanjene awake dhewe 
> dianggep cabar wae. Dhuwit pametumu peken dhewe wae!" 
> 
>       Wong sing kendel iku banjur murungake sedyane mbacok gegere mitrane 
> sing jirih iku. Sinambi mesem dheweke celathu," Kowe pancen jirih tenan kok, 
> Dhi. Sejatine yen kowe ngugemi kuwajiban dadi serdhadhu, yen diprentah 
> mangkat perang ya mangkat ngono, ora sah rewa-rewa lara barang, aku ora 
> kabotan ngedum pametune awake dhewe. Ananging merga kowe ora ngugemi 
> kuwajibane minangka prajurit, kamangka kowe wis lulus ujian, ngalahake atusan 
> wong liyane, aku ya wegah ngepenakake kowe kanthi ngedum pametuku. Wis ayo 
> mulih!" 
> 
>       Kapethik saka buku Njamikan Jilid 2, anggitane M Mardjana kabiyantu M 
> Samoed Sastrowardojo, weton JB Wolters, 1950 - pra
>      
>      
> 
> 
> 
> [Non-text portions of this message have been removed]
>


       
____________________________________________________________________________________
Need a vacation? Get great deals
to amazing places on Yahoo! Travel.
http://travel.yahoo.com/


Post message: [EMAIL PROTECTED]
Subscribe   :  [EMAIL PROTECTED]
Unsubscribe :  [EMAIL PROTECTED]
List owner  :  [EMAIL PROTECTED]
Homepage    :  http://proletar.8m.com/ 
Yahoo! Groups Links

<*> To visit your group on the web, go to:
    http://groups.yahoo.com/group/proletar/

<*> Your email settings:
    Individual Email | Traditional

<*> To change settings online go to:
    http://groups.yahoo.com/group/proletar/join
    (Yahoo! ID required)

<*> To change settings via email:
    mailto:[EMAIL PROTECTED] 
    mailto:[EMAIL PROTECTED]

<*> To unsubscribe from this group, send an email to:
    [EMAIL PROTECTED]

<*> Your use of Yahoo! Groups is subject to:
    http://docs.yahoo.com/info/terms/
 

Kirim email ke