> Sutaji gupuh kabeh marani kantor pulisi katene lapuran. > "Waduh Pak Pulisi, aku sik tas ae dinunuti Margaret Tatcher " jare Sutaji. > > "Sampeyan ojok macem-macem lek lapuran . " jare pulisine gak percoyo. > > "Saestu Pak, asli aku gak mbujuk ". jare Sutaji. > > "Lek ngono lapuran sing lengkap alon-alon. Sampeyan pethuk Margaret iku > nang ndhi ?" takok pulisine. > > "Ngene lho ceritone Pak. Pas aku ngirim barang arep mlebu tol Waru, > moro-moro onok bule tuwek awe-awe njaluk nunut. > Bareng wis munggah, aku kuaget tibake wong bule iku Margaret Tatcher. " > jare Sutaji. > > "Lho kok sampeyan yakin lek iku asli Margaret Tatcher ?" takok Polisine. > > "Aku yakine iku pas ngisi solar, dhe'e iku titip njaluk tukokno Mesran > Super, jarene ngelak. Lha sisane iku ditetesno mripate, jarene mripate > perih " jare Sutaji. > > "Opoko ceritone kok dhe'e sampek isok nunut awakmu ?" takok pulisine > maneh. > > "Ceritone iku, dhe'e lagi melancong nang Suroboyo, lha pas sampek Demak > dhadhak moro-moro dhe'e diuber-uber wong akeh, onok tukang rombeng, onok > juragan besitua. Kabeh iku nggowok timbangan dhewe-dhewe kepingin ngiloni > dhe'e. Mergo wedhi, akhire dhe'e mlayu mbalik nang hotel. Pas arep tekan > hotel, dhadhak dhe'e pethuk ambek wong Timbang Badan. Begitu ndhelok > timbangan, Margaret tambah pucet kewedhen, terus mlayu maneh sampek akhire > pethukan ambek aku njaluk nunut. Pas tak takoni arep nang endhi, jarene > sembarang pokoke sing aman. Akhire yo tak jak ngirim barang. Lha saiki > iku aku arep lapuran ndhik sampeyan lek Margaret iku ngilang maneh. Aku > wedhi lek disalahno." jare Sutaji. > > "Lho kapan dhe'e ngilang maneh ? takok pulisine. > > "Pas praotoku tak enggokno jembatan timbang " >