> Muntiyadi oleh tugas jogo nang pelabuhan Tanjung Perak mulai isuk sampek
> sore.
> Isuk-isuk kiro-kiro jam enem, Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepeda
> gunung metu seko pelabuhan.
> Muntiyadi curiga soale, sepedane Togog digandoli glangsing guedhe loro
> kiwo tengen.
> Isine pasti sabu-sabu, utowo putaw pikire Muntiyadi.
> Mergo curiga, Togog dicegat terus digeledah kuabeh mulai klambi, kathok
> sampek kampes.
> Mari ngono isi glangsinge yo disuntek pisan, tibake isine mek pasir thok.
> Gak onok nakobar blas.
> 
> "Kon laopo sepedaan nang kene ?" takok Muntiyadi.
> "Ngene lho pak, aku iki seneng olahraga nang pinggit laut, angine enak."
> jare Togog.
> "Lho laopo sepedamu apik-apik athik kon gandholi pasir ?" takok Muntiyadi.
> "Sepedaku iki enteng pak, cik rodhok abhot sithik yo tak gandholi pasir
> iki." jare Togog maneh.
> 
> Pikire Muntiyadi yo masuk akal penjelasane Togog iki. Mari KTPne
> diperikso, akhire Togog diculno.
> Sisuke, Muntiyadi pethuk Togog sepedaan maneh.  
> Mergo sik curiga, Togog diperikso maneh koyok wingi.
> Akhire pancen gak onok opo-opo, isine glangsing cumak pasir thok, Togog
> terus diculno maneh.
> Kiro-kiro wis seminggu, Muntiyadi mulai bosen merikso Togog.  
> Dhadhi lek pethuk ben isuk mek manthuk thok, laopo diperikso maneh wong
> mek pasir.
> 
> Selama telung taun akhire ben isuk Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak
> sepedaan.
> Arek loro iku malih dhadhi konco apik, kadang-kadang Togog ditraktir ngopi
> lek isuk.
> 
> Mari ngono Muntiyadi dipindah tugase mbalik nang markas besar, gak tau
> pethuk ambek Togog maneh.
> Suatu hari, pas Muntiyadi mangan nang restoran, dhadhak pethuk Togog
> maneh.
> Tibake Togog iku sugih, montore sedan anyar. 
> Bareng kethok onok Muntiyadi, genti Togog sing nraktir.
> Ambek mangan, arek loro iku ngobrol.
> 
> "Gog, terus terang ae sakjane aku iki sik curiga ambek awakmu.  Aku yakin
> sakjane awakmu iki penyelundup, gak mungkin awakmu isok sugih koyok ngene.
> Saking ae aku gak isok nemokno barang bukti.  Lha saiki aku wis gak jogo
> nang kono, wis tah awakmu ngaku ae ojok khawatir, selama telung taun wingi
> sakjane awakmu iku nyelundupno opo?."  takok Muntiyadi penasaran.
> 
> "Sepeda . . ." 
> 
> 
> 

Kirim email ke