terjemahin duoonkkkk .....
*Sing moco iki., gak oleh ngguyu lho......* . *GUYONAN SUROBOYO ....OBAT STRESS* ** Cak Paidi ndhuwe anak wedok jenenge Nuri. Anake iki waduh uwayune pool…. Sekolahe yo dukur, kuliah nduk UNAIR. Sak liyane iku Cak Paidi yo nduwe pembantu jenenge Soleh. Pembantune iki areke mbethik. Masio Nakal tapi Soleh iku areke sregep, dikongkon sembarang mesti gelem. Lha Soleh iku wis suwe ngesir Nuri. Berhubung de’e pembantu dadi Soleh gak wani nggudho langsung. Akhire Soleh oleh kesempatan.... Pas Nuri siap-siap arep budhal kuliah, Bapake Nuri nyeluk Soleh tekok kamare, ”Leh . . Soleh, Bapak jupukno sandal ndhik kamare Nuri cepetan”. ”Iyo pak, tak jupukno” jare Soleh, mari ngono Soleh mlebu Nang kamare Nuri. ”Nur . . Nuri, aku dikongkon bapak ngesun pipimu” jare Soleh. Nuri kaget gak percoyo, ”Leh.. koen ojok kurang ajar lho. Engkok koen tak kandakno Bapak.” Soleh terus mbengok banter,” Pak..pak.. Nuri gak gelem pak.” Bapake Nuri emosi dibengoki Soleh, mari ngono ngomong banter, ”Nuri kekno ae, ojo nbantah perintahe Bapak.” Nuri terpaksa manut, terus pipine disun karo Soleh. Mari ngesun pipine Nuri, Soleh njupuk sandale terus mblayu nang kamare Bapak, ”Pak.. pak, iki lho sandale sampeyan,” jare Soleh. Mari ngono Cak Paidi metu tekok kamar. Cak Paidi kaget ndhelok Nuri nangis, purik gak gelem kuliah, ”Lah.. Nuri awakmu opoko kok nangis”. ”Aku mari diambung karo Soleh”, jare Nuri karo mbrebes mili. ”Opoo !!!” jare Bapake Nuri ngamuk, saking ngamuke sampek ngentut duuut. ”Leh ... Soleh koen kok wani ngesun Nuri !!!”. ”Pak .. pak, sampeyan ngono ae kok ngamuk,* iki lak cumak kulit mongso kulit ” *jare Soleh.** Akhire Bapake Nuri gak sidho ngamuk didem-demi Soleh, *jarene cumak kulit mongso kulit*. Gak suwe ibuke Nuri mulih teko pasar. Ibuke Nuri kaget pisan ndhelok Nuri nangis nggoguk. Bareng ngerti lek Nuri disun Soleh, Ibuke Nuri terus muntap, duren sing sik tas dituku dijupuk terus digebekno nang raine Soleh. Soleh terus nangis gerung-gerung ngrasakno lorone. Mari ngono Bapake Nuri ngomong Nang Soleh, ”Leh . Soleh, *iku lak cumak kulit mongso kulit ae*. Mosok ngono ae wis nangis ?" ”Pancene sampeyan iku gendeng Pak !! ” jare Soleh ambek nangis. -- you have this email because you join to "aga-madjid" GoogleGroups. to post emails, just send to : [email protected] to join this group, send blank email to : [email protected] to quit from this group, just send email to : [email protected] please visit to www.facebook.com/aga.madjid, add my Yahoo Messenger at [email protected] or add my twitter @aga_madjid thanks for joinning this group.
