(Babah
Patah, takut kalau tidak mematuhi sabda bapaknya, karena itu bersikap
seolah-olah senang. Padahal ia tidak benar-benar senang- senang diberi nama
Babah.)
Ing nalika iku Babah Patah banjur jinunjung dadi Bupati
ing Dêmak, madanani para bupati urut pasisir Dêmak sapangulon, sarta Babah
Patah dipalakramakake oleh ing Ngampelgadhing, kabênêr wayahe kiyai Agêng
Ngampel.
(Kemudian Babah Patah diangkat menjadi bupati di Demak,
untuk mengepalai para bupati di pesisir Demak ke arah barat. Babah Patah lalu
diperintahkan untuk berguru di Ngampelgadhing, yang kebetulan dikepalai oleh
Kyai Ageng Ngampel.)
Barêng wis sawatara masa, banjur boyong marang Dêmak, ana
ing desa Bintara, sarta sarehne Babah Patah nalika ana ing Palembang agamane
wis Islam, anane ing Dêmak didhawuhi nglêstarekake agamane, dene Raden Kusen
ing nalika iku jinunjung dadi Adipati ana ing Têrung (5), pinaringan nama sarta
sêsêbutan Raden Arya Pêcattandha.
(Ketika waktunya telah tiba, ia pindah ke Demak, yakni ke
desa Bintara. Sebetulnya Babah Patah telah beragama Islam saat di Palembang.
Oleh sebab itu, tatkala telah berada di Demak, ia diperintahkan untuk
melestarikan agamanya. Sedangkan Raden Kusen diangkat menjadi adipati di
Terung, dan diberi gelar Raden Arya Pecattandha.)
Suwening suwe sarak Rasul saya ngrêbda, para ngulama padha
nyuwun pangkat sarta padha duwe sêsêbutan Sunan, Sunan iku têgêse budi, uwite
kawruh kaelingan kang bêcik lan kang ala, yen wohe budi ngrêti marang kaelingan
bêcik, iku wajib sinuwunan kawruhe ngelmu lair batin. Ing wêktu iku para
ngulama budine bêcik-bêcik, durung padha duwe karêp kang cidra, isih padha
cêgah dhahar sarta cêgah sare.
(Makin lama agama Rasul makin menyebar luas, para ulama
menjadi ingin memiliki gelar, dimana kemudian mereka digelari Sunan. Sunan itu
artinya budi, pohon pengetahuan kesadaran pada yang baik dan buruk. Jika buah
budi itu menyadari akan kebaikan, maka ia wajib menuntut ilmu lahir dan bathin.
Pada saat itu para ulama masih memiliki hati yang baik, belum memiliki
keinginan buruk, masih menahan diri dari makan dan tidur.)
Sang Prabu Brawijaya kagungan panggalih, para ngulama
sarake Buddha, kok nganggo sêsêbutan Sunan, lakune isih padha cêgah mangan,
cêgah turu. Yen sarak rasul, sirik cêgah mangan turu, mung nuruti rasaning
lesan lan awak. Yen cêgah mangan rusak, Prabu Brawijaya uga banjur paring idi.
Suwe-suwe agama Rasul saya sumêbar.
(Sang Prabu Brawijaya jadi jatuh hati, para ulama itu
dikiranya Buddha, tetapi kok disebut Sunan. Tingkah laku mereka masih menahan
diri dari makan dan tidur. Apabila mengikuti rasul, maka mereka [seharusnya]
bukan menahan diri dari makan dan tidur, melainkan hanya menuruti hawa nafsu
keinginan. Tatkala kebiasaan menahan diri dari makan dan tidur telah rusak,
tetapi Prabu Brawijaya telah terlanjur
memberikan angin. Makin lama agama rasul makin menyebar.)
Ing wêktu iku ana nalar kang aneh, ora kêna dikawruhi sarana
netra karna sarta lesan, wêtune saka engêtan, jroning utêk iku yen diwarahi
budi nyambut gawe, kang maca lan kang krungu nganggêp têmên lan ora, iya kudu
ditimbang ing sabênêre, saiki isih ana wujuding patilasane, isih kêna
dinyatakake, mula saka pangiraku iya nyata.
(Pada saat itu ada peristiwa-peristiwa yang aneh yang
tidak masuk akal. Peristiwa-peristiwa tersebut diketahui dari ingatan semata.
Apabila membaca atau mendengar, maka perlu dipertimbangkan benar dan tidaknya.
Tetapi karena sampai sekarang masih ada peninggalannya, maka menurut pendapatku
hal tersebut benar-benar terjadi.)
Dhek nalika samana Sunan Benang sumêdya tindak marang
Kadhiri, kang ndherekake mung sakabat loro. Satêkane lor Kadhiri, iya iku ing
tanah Kêrtasana, kêpalangan banyu, kali Brantas pinuju banjir. Sunan Benang
sarta sakabate loro padha nyabrang, satêkane wetan kali banjur niti- niti
agamane wong kono apa wis Islam, apa isih agama Budi.
(Pada saat itu Sunan Benang bersiap-siap untuk mengunjungi
Kediri, yang mengantarnya hanya dua orang sahabat. Ketika tiba di utara Kediri,
yaitu di tanah Kertasana, mereka terhalang oleh air. Sungai Brantas saat itu
kebetulan sedang banjir. Sunan Benang dan dua orang sahabatnya sama-sama
menyeberang, dan ketika telah tiba di seberang ia mencari tahu apakah orang di
sana telah beragama Islam, ataukah
masih menganut agama Budi.)
Ature Ki Bandar wong ing kono agamane Kalang, sarak Buddha
mung sawatara, dene kang agama Rasul lagi bribik-bribik, wong ing kono akeh
padha agama Kalang, mulyakake Bandung Bandawasa. Bandung dianggêp Nabine, yen
pinuji dina Riyadi, wong-wong padha bêbarêngan mangan enak, padha sênêng-sênêng
ana ing omah. Sunan Benang ngandika: "Yen ngono wong kene kabeh padha
agama Gêdhah, Gêdhah iku ora irêng ora putih, tanah kene patut diarani Kutha
Gêdhah".
(Menurut Ki Bandar, orang di sana agamanya Kalang, bukan
Buddha namun mirip, sedangkan agama Rasul masih sedikit sekali tersebarnya.
Orang di sana yang sebagian besar beragama Kalang memuliakan Bandung Bandawasa.
Bandung dianggap nabi mereka. Pada saat hari perayaan keagamaan mereka
bersama-sama makan enak dan bersenang-senang di rumah. Sunan Benang berkata,
"Jika begitu maka orang di sini sama- sama beragama Gedhah, Gedhah itu
tidak hitam ataupun putih. Tempat ini pantas disebut Kutha Gedhah.")
Ki Bandar matur: "Dhawuh pangandika panjênêngan, kula
ingkang nêkseni". Tanah saloring kutha kadhiri banjur jênêng Kutha Gêdhah,
nganti têkane saiki isih karan Kutha Gêdhah, nanging kang mangkono mau arang
kang padha ngrêti mula-bukane.
(Ki Bandar menjawab, "Baik, yang mulia, saya yang
menjadi saksi." Tempat di bagian utara Kediri namanya mulai sekarang
adalah Kutha Gedhah." Hingga saat ini masih disebut dengan Kutha Gedhah,
tetapi orang jarang mengetahui asal mula nama tersebut.)
Sunan Benang ngandika marang sakabate: "Kowe goleka
banyu imbon mênyang padesan, kali iki isih banjir, banyune isih buthêk, yen
diombe nglarani wêtêng, lan maneh iki wancine luhur, aku arêp wudhu, arêp
salat".
(Sunan Benang berkata pada sahabatnya, "Carilah air
minum di desa, sungai masih banjir dan airnya keruh. Jika diminum maka akan
menyebabkan sakit perut. Selain itu sudah waktunya salat Lohor. Saya mau wudhu
untuk salat")
Sakabate siji banjur lunga mênyang padesan arêp golek
banyu, têkan ing desa Pathuk ana omah katone suwung ora ana wonge lanang, kang
ana mung bocah prawan siji, wajah lagi arêp mêpêg birahi, ing wêktu iku lagi
nênun. Sakabat têka sarta alon calathune: "mBok Nganten, kula nêdha toya
imbon bêning rêsik". mBok Prawan kaget krungu swarane wong lanang, barêng
noleh wêruh lanang sajak kaya santri, MBok Prawan salah cipta, pangrasane wong
lanang arêp njêjawat, mêjanani marang
dheweke, mula ênggone mangsuli nganggo têmbung saru:
"nDika mêntas liwat kali têka ngangge ngarani njaluk banyu imbon, ngriki
botên entên carane wong ngimbu banyu, kajaba uyuh kula niki imbon bêning, yen
sampeyan ajêng ngombe".
(Salah seorang sahabatnya lalu pergi ke desa mencari air
minum. Ia sampai di desa Pathuk dan menjumpai rumah yang nampaknya tidak ada
prianya. Yang ada hanya seorang gadis perawan menjelang dewasa, dimana saat itu
ia sedang menenun. Sahabat Sunan Benang mendekat serta berkata perlahan,
"Mbok Nganten (panggilan terhadap wanita dalam bahasa Jawa), saya minta
air minum yang bening dan bersih."
Gadis perawan itu terkejut mendengar suara pria, ketika
menoleh ia melihat seorang pria yang nampaknya mirip santri. Gadis perawan
tersebut salah sangka, ia mengira orang tersebut ingin menggodanya, maka
dijawabnya dengan perkataan kotor, "Anda menyeberang sungai datang kemari
untuk minta air minum. Di sini tidak ada air minum, selain air kencing saya
yang bening, jika Anda ingin meminumnya.")
Santri krungu têtêmbungan mangkono banjur lunga tanpa
pamit lakune dirikatake sarta garundêlan turut dalan, satêkane ngarsane Sunan
Benang banjur ngaturake lêlakone nalika golek banyu. Sunan Benang mirêng ature
sakabate, bangêt dukane, nganti kawêtu pangandikane nyupatani, ing panggonan
kono disabdakake larang banyu, prawane aja laki yen durung tuwa, sarta jakane
aja
rabi yen durung dadi jaka
tuwa, barêng kêna dayaning pangandika mau, ing sanalika
kali Brantas iline dadi cilik, iline banyu kang gêdhe nyimpang nrabas desa alas
sawah lan patêgalan, akeh desa kang padha rusak, awit katrajang ilining banyu
kali kang ngalih iline, kali kang maune iline gêdhe sanalika dadi asat. Nganti
tumêka saprene tanah Gêdhah iku larang
banyu, jaka lan prawane iya nganti kasep ênggone
omah-omah. Sunan Benang têrus tindak mênyang Kadhiri.
(Sang santri yang mendengar ucapan kotor itu pergi tanpa
pamit dan jalannya dicepat-cepatkan. Ia menggerutu dalam hati dan menceritakan
pengalamannya di hadapan Sunan Bonang. Ketika mendengar hal itu Sunan Bonang
marah sekali, ia kemudian mengucapkan sumpah serapah pada warga desa tersebut.
Tempat itu dikutuk agar susah mendapatkan air, para gadisnya akan terlambat
menikah dan demikian pula kaum perjakanya. Sesudah kutukan tersebut diucapkan
aliran Sungai Brantas menjadi kecil. Aliran sungai yang pada mulanya besar itu
menyimpang dan membanjiri desa, sawah, dan ladang. Banyak desa yang rusak
karena diterjang aliran sungai yang berpindah alirannya. Sungai yang pada
mulanya deras alirannya itu menjadi surut. Hingga saat ini tempat tersebut
menjadi susah air serta gadis dan perjakannya terlambat menikah. Sunan Benang
melanjutkan perjalanannya ke Kediri.)
Ing wêktu iki ana dhêmit jênênge Nyai Plêncing, iya iku
dhêmit ing sumur Tanjungtani, tansah digubêl anak putune, padha wadul yen ana
wong arane Sunan Benang, gawene nyikara marang para lêlêmbut, ngêndêl- êndêlake
kaprawirane, kali kang saka Kadhiri disotake banjur asat sanalika, iline banjur
salin dalan kang dudu mêsthine, mula akeh desa, alas, sawah sarta patêgalan,
kang padha rusak, iya iku saka
Panggawene (Pada waktu itu ada seorang makhluk halus bernama
Nyai Plencing,
yakni makhluk halus yang berdiam di sumur Tanjungtani.
Anak cucunya para berkeluh kesah padanya, mereka melaporkan tindakan orang
bernama Sunan Benang yang kegemarannya menyiksa para makhluk halus serta
memamerkan kesaktiannya. Sungai yang mengalir di Kediri dijadikan surut airnya
serta berpindah alirannya ke arah lain yang tidak seharusnya. Sehingga banyak
desa, hutan, sawah, dan ladang yang rusak. Semua itu akibat ulah Sunan Bonang.)
Sunan Benang, kang uga ngêsotake wong ing kono, lanang
wadon ngantiya kasep ênggone omah-omah, sarta kono disotake larang banyu sarta
diêlih jênênge tanah aran Kutha Gêdhah, Sunan Benang dhêmêne salah gawe. Anak
putune Nyai Plêncing padha ngajak supaya Nyai Plêncing gêlêma nêluh sarta
ngrêridhu Sunan Benang, bisaa tumêka ing pati, dadi ora tansah ganggu gawe.
Nyai Plêncing krungu wadule anak putune mangkono mau, enggal mangkat mêthukake
lakune Sunan Benang, nanging dhêmit-dhêmit mau ora bisa nyêdhaki Sunan Benang,
amarga rasane awake
padha panas bangêt kaya diobong.
(Sunan Bonang juga mengutuk orang di sana, gadis dan
perjaka akan terlambat kawin. Sunan Benang itu kegemarannya bertindak salah.
Anak cucu Nyai Plencing bersama-sama memohon Nyai Plencing agar bersedia
menyantet Sunan Benang sampai mati dan tidak menganggu mereka lagi. Nyai
Plencing yang mendengar keluh kesan anak cucunya itu, segera pergi menjumpai
Sunan Benang. Tetapi makhluk-makhluk halus tersebut tidak dapat mendekati Sunan
Benang, karena tubuh mereka serasa panas
terbakar.)
Dhêmit-dhêmit mau banjur padha mlayu marang Kadhiri,
satêkane ing Kadhiri, matur marang ratune, ngaturake kahanane kabeh. Ratune
manggon ing Selabale. (6) Jênênge Buta Locaya, dene Selabale iku dununge ana
sukune gunung Wilis. Buta Locaya iku patihe Sri Jayabaya, maune jênênge kiyai
Daha, duwe adhi jênênge kiyai Daka. Kiyai daha iki cikal-bakal ing Kadhiri,
barêng Sri Jayabaya rawuh, jênênge kiyai Daha dipundhut kanggo jênênge nagara,
dheweke diparingi Buta Locaya, sarta banjur didadekake patihe Sang Prabu
Jayabaya.
(Makhluk-makhluk halus itu lalu lari ke Kediri. Ketika
tiba di sana mereka melaporkan pada rajanya segala hal yang mereka alami. Raja
makhluk halus itu berdiam di Selabale, namanya adalah Buta Locaya. Selabale itu
letaknya ada di kaki gunung Wilis. Buta Locaya itu adalah patih Sri Jayabaya,
dulu namanya adalah kyai Daha dan memiliki adik bernama Kyai Daka. Kyai Daha
itu asal usulnya ada di Kediri. Pada saat Sri Jayabaya tiba di sana, nama Kyai
Daha itu dijadikan nama negara dan ia kemudian diberi nama Buta Locaya dan
dijadikan patih oleh Sang Prabu Jayabaya.)
Buta iku têgêse: butêng utawa bodho, Lo têgêse kowe, caya
têgêse: kêna dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho, nanging têmên mantêp sêtya
ing Gusti, mulane didadekake patih. Wiwite ana sêbutan kiyai, iya iku kiyai
daha lan kiyai Daka, kiyai têgêse: ngayahi anak putune sarta wong-wong ing
kanan keringe.
nyambung ka bagian 3