Leres, maksad kang GK teh pami di Jawa aya darmo gandul atuh naon nu dicepeng 
Sunda Wiwitan.
 ~ JP ~ 




________________________________
From: mh <[EMAIL PROTECTED]>
To: [email protected]
Sent: Tuesday, November 25, 2008 19:20:37
Subject: Re: [kisunda] Serat Dharmogandul : Nedunan pamundut Kang Ganjar bag 1


hehehe, sainget uing mah, nu diteangan ku kang GK teh lain perkara
serat darmo gandul, tapi nu pakait jeung Sunda Wiwiwitan, nu pakait
jeung Agama Sunda. apan dijentrekeun ku kang GK ge, yen sumber nu
pakait jeung Aliran Kabatinan Jawa mah, relatif loba.

salam,
mh

On Wed, Nov 26, 2008 at 11:13 AM, Maman <[EMAIL PROTECTED] com> wrote:
> Kahatur ka Kang Ganjar.
>
> Tah kenging kekempel dina karopak, margi sesah ngantetkeunna, kapaksa
> dibagi-bagi ka sababaraha bagian.
>
> Mangga nyanggakeun. Bahasana punten basa deungeun he..he..he..
>
>
>
> DARMA GANDHUL
>
> Kisah Berdirinya Kerajaan Islam Demak dan Runtuhnya Majapahit
>
> http://www.freelist s.org/archives/ mahasathi/ 05-2004/msg00153 .html
>
> DARMAGANDHUL.
> Carita adêge nagara Islam ing Dêmak bêdhahe nagara Majapahit kang salugune
> wiwite wong Jawa ninggal agama Buddha banjur salin agama Islam.
>
> (Kisah mengenai berdirinya Kerajaan Islam Demak dan runtuhnya Kerajaan
> Majapahit yang sebenarnya. Awal mulanya Orang Jawa Meninggalkan Agama Buddha
> dan Beralih pada Agama Islam)
>
> Gancaran basa Jawa ngoko.
> Babon asli tinggalane
> K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.
> Cap-capan ingkang kaping sêkawan 1959
> Toko Buku "Sadu-Budi" Sala.
>
> BÊBUKA.
> Sinarkara sarjunireng galih, myat carita dipangikêtira, kiyai Kalamwadine,
> ing nguni anggêguru, puruhita mring Raden Budi,mangesthi amiluta, duta
> rehing guru, sru sêtya nglampahi dhawah,panggusthine tan mamang ing lair
> batin, pinindha lir Jawata.
>
> Satuduhe Raden Budi êning, pan ingêmbun pinusthi ing cipta, sumungkêm lair
> batine, tan etung lêbur luluh, pangesthine ing awal akhir, tinarimeng
> Bathara, sasêdyanya kabul, agung nugraheng Hyang Suksma, sinung ilham ing
> alam sahir myang kabir, dumadya auliya. Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi,
> pan biyasa mituhu susêtya, mring dhawuh wêling gurune, kêdah mêdharkên
> kawruh, karya suka pirêneng
> jalmi, mring sagung ahli sastra, tuladhaning kawruh, kyai Kalamwadi ngarang,
> sinung aran srat Darmagandhul jinilid, sinung têmbang macapat.
>
> Pan katêmben amaos kinteki, têmbang raras rum sêya prasaja, trêwaca wijang
> raose, mring tyas gung kumacêlu, yun darbeya miwah nimpêni, pinirit
> tinuladha, lêlêpiyanipun, sawusnya winaos tamat, linaksanan tinêdhak tinurun
> sungging, kinarya nglipur manah. Pan sinambi-sambi jagi panti, sasêlanira
> ngupaya têdha, kinarya cagak
> lênggahe, nggennya dama cinubluk, mung kinarya ngarêm-arêmi, tarimanireng
> badan, anganggur ngêthêkur, ngêbun-bun pasihaning Hyang, suprandene tan
> kalirên wayah siwi, sagotra minulyarja. Wus pinupus sumendhe ing takdir, pan
> sumarah kumambang karseng Hyang, ing lokhilmakful tulise, panitranira nuju,
> ping trilikur ri Tumpak
> manis, Ruwah Je warsanira, Sancaya kang windu, masa Nêm ringkêlnya Aryang,
> wuku Wukir sangkalanira ing warsi: wuk guna ngesthi Nata (taun Jawa 1830).
>
> [Bagian Pembukaan tidak diterjemahkan karena penterjemah tidak paham bahasa
> Jawa klasik]
>
> DARMAGANDHUL.
>
> Ing sawijining dina Darmagandhul matur marang Kalamwadi mangkene "Mau-maune
> kêpriye dene wong Jawa kok banjur padha ninggal agama Buddha salin agama
> Islam?"
>
> (Pada suatu hari bertanyalah Darmagandhul pada Kalamwadi sebagai berikut,
> "Asal mulanya bagaimana, kok orang Jawa meninggalkan Agama Buddha dan
> berubah menganut Agama Islam?")
>
> Wangsulane Ki Kalamwadi: "Aku dhewe iya ora pati ngrêti, nanging aku wis tau
> dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi iya kêna dipracaya, nyaritakake
> purwane wong Jawa padha ninggal agama Buddha banjur salin agama Rasul".
>
> (Jawabannya Ki Kalamwadi, "Saya sendiri juga tidak begitu mengerti, tapi
> saya sudah pernah diberi tahu oleh guru saya, selain itu guru saya itu juga
> bisa dipercaya, [Beliau] menceritakan asal mulanya orang Jawa meninggalkan
> Agama Buddha dan berganti menganut agama Rasul (Islam).")
>
> Ature Darmagandhul: "Banjur kapriye dongengane?"
>
> (Darmagandhul bertanya, "Bagaimana kalau begitu ceritanya?")
>
> Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh: "Bab iki satêmêne iya prêlu
> dikandhakake, supaya wong kang ora ngrêti mula-bukane karêben ngrêti".
>
> (Ki Kalamwadi lalu berkata lagi, "Hal ini sesungguhnya juga perlu
> diungkapkan agar orang yang tidak tahu asal mulanya menjadi tahu.")
>
> Ing jaman kuna nagara Majapahit iku jênênge nagara Majalêngka, dene ênggone
> jênêng Majapahit iku, mung kanggo pasêmon, nanging kang durung ngrêti
> dêdongengane iya Majapahit iku wis jênêng sakawit. (1) Ing nagara Majalêngka
> kang jumênêng Nata wêkasan jêjuluk Prabu Brawijaya.
>
> (Pada zaman kuno, Kerajaan Majapahit itu namanya Kerajaan Majalengka,
> sedangkan nama Majapathit itu, hanya sebagai perumpamaan, tetapi bagi yang
> belum tahu ceritanya, Majapahit itu telah merupakan namanya semenjak awal.
> (1) Di Kerajaan Majapahit yang berkuasa sebagai Raja adalah Prabu
> Brawijaya.)
>
> Ing wêktu iku, Sang Prabu lagi kalimput panggalihe, Sang Prabu krama oleh
> Putri Cêmpa, (2) ing mangka Putri Cêmpa mau agamane Islam, sajrone lagi
> sih-sinihan, Sang Rêtna tansah matur marang Sang Nata, bab luruhe agama
> Islam, sabên marak, ora ana maneh kang diaturake, kajaba mung mulyakake
> agama Islam, nganti njalari katariking panggalihe Sang Prabu marang agama
> Islam mau.
>
> (Pada saat itu, Sang Prabu sedang dimabuk asmara, ia menikah dengan Putri
> Cempa, (2) karena Putri Cempa itu beragama Islam, maka saat sedang
> berdua-duaan, Sang Putri [selalu] berbicara pada sang Raja, mengenai agama
> Islam. Tiap kali berkata-kata, tidak ada hal lain yang dibicarakan, selain
> mengagung-agungkan agama Islam, sehingga menyebabkan tertariknya hati Sang
> Prabu akan agama Islam.)
>
> Ora antara suwe kaprênah pulunane Putri Cêmpa kang aran Sayid Rakhmat tinjo
> mênyang Majalêngka, sarta nyuwun idi marang Sang Nata, kaparênga anggêlarake
> sarengate agama Rasul.
>
> (Tidak berama lama datanglah pengikut Putri Cempa yang bernama Sayid Rakhmat
> ke Majalengka. Ia minta izin pada sang raja, untuk menggelar penyebaran
> agama Rasul (Islam).)
>
> Sang Prabu iya marêngake apa kang dadi panyuwune Sayid rakhmat mau. Sayid
> Rakhmat banjur kalakon dhêdhukuh ana Ngampeldênta ing Surabaya (3)
> anggêlarake agama Rasul. Ing kono banjur akeh para ngulama saka sabrang kang
> padha têka, para ngulama lan para maulana iku padha marêk sang Prabu ing
> Majalêngka, sarta padha nyuwun dhêdhukuh ing pasisir.
>
> (Sang Prabu juga mengabulkan apa yang diminta oleh Sayid Rakhmat itu. Sayid
> Rakhmat lalu mendirikan sebuah desa kecil (dukuh) di Ngampeldenta, Surabaya.
> Ia mengajar agama Islam di sana. Selanjutnya makin banyak para ulama dari
> seberang yang datang. Para ulama dan para maulana itu beramai-ramai
> menghadap sang raja di Majalengka, serta sama-sama meminta desa kecil di
> daerah pesisir.)
>
> Panyuwunan mangkono mau uga diparêngake dening Sang Nata. Suwe-suwe
> pangidhêp mangkono mau saya ngrêbda, wong Jawa banjur akeh bangêt kang padha
> agama Islam.
>
> (Permintaan tersebut juga dikabulkan oleh Sang Raja. Lama-lama perkampungan
> kecil semacam itu makin menjamur, orang Jawa makin banyak yang beragama
> Islam.)
>
> Sayid Kramat dadi gurune wong-wong kang wis ngrasuk agama Islam kabeh, dene
> panggonane ana ing Benang (4) bawah Tuban. Sayid Kramat iku maulana saka ing
> 'Arab têdhake Kanjêng Nabi Rasulu'llah, mula bisa dadi gurune wong Islam.
> Akeh wong Jawa kang padha kelu maguru marang Sayid Kramat. Wong Jawa ing
> pasisir lor sapangulon sapangetan padha ninggal agamane Buddha, banjur
> ngrasuk agama Rasul. Ing Blambangan sapangulon nganti tumêka ing Bantên,
> wonge uga padha kelu rêmbuge Sayid Kramat.
>
> (Sayid Kramat menjadi gurunya orang-orang yang sudah menganut agama Islam.
> Tempat menetapnya berada di Benang (juga disebut Bonang - penterjemah) ,
> Tuban. Sayid Kramat itu adalah pemuka agama yang berasal dari Arab, atau
> tempat kelahirannya Nabi Muhammad, sehingga dapat menjadi gurunya para
> penganut agama Islam. Banyak orang Jawa yang berguru pada Sayid Kramat.
> Orang Jawa di pesisir utara, baik bagian barat maupun timur, sama-sama
> meninggalkan agama Buddha dan berpindah masuk Islam. Dari Blambangan ke arah
> barat hingga Banten,
> banyak orang yang telah mematuhi perkataan Sayid Kramat.)
>
> Mangka agama Buddha iku ana ing tanah Jawa wis kêlakon urip nganti sewu
> taun, dene wong-wonge padha manêmbah marang Budi Hawa. Budi iku Dzate Hyang
> Widdhi, Hawa iku karêping hati, manusa ora bisa apa- apa, bisane mung
> sadarma nglakoni, budi kang ngobahake.
>
> (Pada saat itu agama Buddha telah dianut di tanah Jawa selama seribu tahun,
> para penganutnya menyembah pada Budi Hawa. Budi adalah Zat dari Hyang
> Widdhi, sedangkan Hawa itu adalah kehendak hati. Manusia itu tidak dapat
> berbuat apa-apa selain berusaha menjalankan, tetapi budi yang mengubah
> segalanya.)
>
> Sang Prabu Brawijaya kagungan putra kakung kang patutan saka Putri Bangsa
> Cina, miyose putra mau ana ing Palembang, diparingi têtêngêr Raden Patah.
>
> (Raja Brawijaya memiliki putra dari seorang putri berkebangsaan Cina.
> Putranya itu lahir di Palembang, dan diberi nama Raden Patah.)
>
> Barêng Raden Patah wis diwasa, sowan ingkang rama, nganti sadhereke seje
> rama tunggal ibu, arane Raden Kusen. Satêkane Majalêngka Sang Prabu kewran
> panggalihe ênggone arêp maringi sêsêbutan marang putrane, awit yen miturut
> lêluri saka ingkang rama, Jawa Buddha agamane, yen nglêluri lêluhur kuna,
> putraning Nata kang pambabare ana ing gunung, sêsêbutane Bambang.
>
> (Tatkala Raden Patah sudah dewasa, ia mengunjungi ayahnya. Ia memiliki
> saudara lain ibu yang bernama Raden Kusen. Setibanya di Majalengka Sang
> Prabu bingung hatinya untuk memberi nama pada puteranya. Sebab menurut
> tradisi leluhur Jawa yang beragama Buddha, putra raja yang lahir di gunung,
> disebut Bambang.)
>
> Yen miturut ibu, sêsêbutane: Kaotiang, dene yen wong 'Arab sêsêbutane Sayid
> utawa Sarib. Sang Prabu banjur nimbali patih sarta para nayaka, padha
> dipundhuti têtimbangan ênggone arêp maringi sêsêbutan ingkang putra mau.
> Saka ature Patih, yen miturut lêluhur kuna putrane Sang Prabu mau disêbut
> Bambang, nanging sarehne ibune bangsa Cina, prayoga disêbut Babah, têgêse
> pambabare ana nagara liya.
>
> (Kalau menurut ibunya, namanya adalah Kaotiang, yaitu kalau dalam bahasa
> Arab disebut Sayid atau Sarib. Sang Prabu lalu memanggip para patih dan
> pegawai kerajaan. Mereka diminta pendapatnya di dalam memberikan nama bagi
> putranya itu. Patih berkata bahwa kalau menurut leluhur zaman dahulu, anak
> raja itu seharusnya diberi nama Bambang, tetapi karena ibunya berkembangsaan
> Cina, maka seharusnya disebut Babah, yang artinya lahirnya ada di negara
> lain.)
>
> Ature Patih kang mangkono mau, para nayaka uga padha mupakat, mula Sang Nata
> iya banjur dhawuh marang padha wadya, yen putra Nata kang miyos ana ing
> Palembang iku diparingi sêsêbutan lan asma Babah Patah. Katêlah nganti
> tumêka saprene, yen blastêran Cina lan Jawa sêsêbutane Babah.
>
> (Pendapat sang patih tersebut juga disepakati oleh para pegawai kerajaan.
> Oleh karenanya sang raja mengumumkan bahwa putranya itu yang lahir di
> Palembang, diberi nama Babah Patah. Hingga sampai sekarang, orang yang
> berdarah campuran Cina dan Jawa diberi nama Babah.)
>
> Ing nalika samana, Babah Patah wêdi yen ora nglakoni dhawuhe ingkang rama,
> mulane katone iya sênêng, sênênge mau amung kanggo samudana bae, mungguh
> satêmêne ora sênêng bangêt ênggone diparingi sêsêbutan Babah iku.
>
>
> Bersambung ka bagian 2
>
>
> 
 


      Get your new Email address!
Grab the Email name you&#39;ve always wanted before someone else does!
http://mail.promotions.yahoo.com/newdomains/aa/

Kirim email ke