On Tue, 15 Feb 2000, GIGIH NUSANTARA wrote:

> Gigih :
 
> Ciloko, ciloko. Mari dilokno munapik, KKN, penakut,
> sak iki ditambah paranoid. Blas wis gak onok
> apik-apik-e awak-awak iki rek. Lha cumak kate nyrekali
> WAM ae cik rekosone awak-awak iki. Dipisuhi
> macem-macem. Blas wis, larak-an ancene awak iki, rek.
> Kate kepingin ngomong pinter sak ithik ae wis dikabluk
> mbarek dewa (Wisnu iki lak jenenge dewa, se...?).
> Ancur-ancur...

WAM:
Mbah Gigih,
Sampeyan koyok Timbul persis. 
Aku mung iso mesam-mesem.
Aku gak misuhi kok.
Mosok simbah tak pisuhi se?
Cuma simbah iki kan wis sepuh, dadi kadang kudu dielingno.
Cara ngelingno model Suroboyoan rak ngono a? 
Ben-o wong tuwo yo perlu didugang.
Sorry nek ndugang-e keseruen.
 
> Gak ngonone, se, rek. Cik pintere arek iki. Kabeh wong
> ditantangi. Pamer ndik kantore sing demokratis, malah
> nolis ndik koran nganggo jeneng terang-terangan
> ngelokno Hikam. Pamer gak diapak-apakno, wong jarene
> pancen kantore full demokratis. Sangking ae pegawai
> negeri, gak koyok awak-awak iki sing swasta. Pegawe
> negeri, masiyo tak pencilakan, mosok iso se moro-moro
> dilereni. Paling dipindah, ngono thok. Paling gak
> dikek-i gaweyan, ngono thok. Lha nek ngono iku
> dipamerno, yo gak gumun, rek...

WAM:
Wah, sampeyan durung nate dadi pegneg sih.
Jare sopo pegneg gak iso digencet?
Wong buktine akeh sing model ABS.

> Dadio wong swasta, opo-o. Sing ngrasakno isok gak
> ambegan merga gak oleh dalan, sandangpangan mbarek
> politik. Gampang diciduk, ditunjek. wis, tah...

WAM:
Ngapusi mbah, sampeyan iku.
Sopo kondo dadi swasta iku nggak enak?
Lha buktine sampeyan krasan.
Malah iso melu hangrukebi _negara_ pisan.
Iso ngrangkul sing lagi kuasa,
Nek wis nggak dibutuhno mung kari nendang ae.
Mung kari misuhi wong sing maune dienggo.
Iku lak gaweane swasta.

> Sorry ae nggawe boso Suroboyo. nek wis kadung bingung
> ngene iki, coro Indonesia blas gak metu..

WAM:
Jok kuatir lah mbah.
Pinter-pinter ngene aku yo iso boso jowo kok.

> =====
> Sugih durung karuwan, sombong didisikno...

WAM:
Didadekno mlarat tenan kapok sampeyan.



- Kirim bunga untuk handaitaulan & relasi di jakarta www.indokado.com 
-- Situs sulap pertama di Indonesia http://www.impact.or.id/dmc-sulap/
Untuk bergabung atau keluar dari Milis, silakan LAKUKAN SENDIRI 
Bergabung: [EMAIL PROTECTED]
Keluar: [EMAIL PROTECTED]

Sambut MASA DEPAN BARU Indonesia!










Kirim email ke