Onten benere kok mas Surya,

Bener kok, nek misale dibandingke karo brompit ngono.
Coro carane jamanku trek trek an ndisik neng Mediun, ... Mrebet!

Nek menurut teorine (dadi maca sekejap...), rak kira kira prosedur 
email ya isa diumpamakne nek awake dewe kirim surat lewat kantor 
pos. Surat ditulis, kertase dilebokne amplop, diwenehe kepada siapa, 
terus alamat si pengirim, di prangkoni.
Selanjutnya dilebokne bis surat, ndisik jamanku sik neng Mediun enek 
neng pojokan alon alon, jedake rumah makan sing dodoaln gule karo 
ayam. Nunggu pirang jam ngono, rada sorean sitik teko pake saka 
kantor pos sing nglumpukne surat surat saka bis surat sing terletak 
nyebar sak kota.
Tekan kantor pos, surat di sortir, endi sing alamat tujuanane 
Plaosan, endi sing Banyuwangi, Balikpapan, Jakarta lan LN.
La surat sing jurusan Maspati, Magetan, Plosan, Sarangan ya diangkut 
karo dokar (apa sik enek saiki?), nek ora ya apa kono mobil lah neng 
Magetan. Tekan Magetan di sortir meneh.

La sing jurusan ngetan, Nganjuk, Kertosono, Jombang, Mojokerto, 
Suroboyo nganti Banyuwangi ya ditumpake sepur sing jurusan ngetan. 
Sing surat ngulon, kaya ta Jakarta lan LN ditumpake sepur ngulon. 
Rak ngono critane....

La mengko kaya sing LN, ya sik dipilah pilah digolekna montor muluk 
sing pas. Berhubung Garuda wis ora tekan endi endi, ya isa ditumpake 
Emprit Air utawa Fly Glatik sing luwih murah lan slamet. Tekan 
tujuan ya mestine di sortir meneh lan sak teruse isa nganti tujuan.

Nang nduwur, caraku ngerti sewektu guruku wong londo nerangke neng 
kelas biyen. Bareng tak umpamakne ngono ... Process email & 
Internet, eee... Allah kok ngono ta tibake... lagi setengah mudeng 
(ya tetep ora 100% mudengku, la dasare mung wong kidul pabrik es 
kok, sering mbrebet)aku.

La nek nganggo bhs sekolahan, tak kira isa jaluran komunikasi neng 
omah sing ora stabil (network), isa Modem-e, isa Server nggone Mail 
Provider-e, isa komunikasi diarea mas Surya tinggal, misalnya saja 
kapasitas jaluran yang ada untuk komunikasi 'overload' utawa kakehan 
trafik (isa dibayangne nek don jalanan jam masuk kerja), sedangkan 
jalan bypass yang didesign kurang memadai, coro carane dalane 
kesempitan 
utawa isa antara provider mail-e mas Suryo ora isa jabatan tangan 
erat karo sialamat, misalnya saja milis iki sing nganggo Yahoo terus 
emaile mas Suryo dudu Yahoo.

Nek emaile mas Suryo dudu Yahoo, coba ganti email mas, ke mas_suryo
(et)yahoodotcom, sok sok isa luwih gampangan kontake.
Sak niki, Yahoo cukup lumayan safe kok. Secara umum Provider 
Indonesia lambat (xx.go.id , co.id , cbn. net.id) kalau dibanding 
dengan yang di LN.

Empun ngoten rumiyin ....
Niki kulo lagi ten nggene ngajeng komputer lan ngopi. Telo gorenge 
sing mboten gadah.

Nuwun... 

--- In [email protected], Surya <[EMAIL PROTECTED]> wrote:
>
> Mbok menowo kakehan oli mas ?
> Utowo keseringan ganti oli he he he (ora ono hubungane yo)
> salam
> 
> Eko Drajat, Nugroho (Tripatra) wrote:
> >
> > Test ¡Ä¡Ä.
> >
> > Kenapa ya email saya sering banget bouncing ??
> >
> >
> > Salam
> >
>






"menjalin persudaraan dan kebersamaan warga madiun"
motto : lebih dekat dengan kampung halaman
untuk gabung : [EMAIL PROTECTED]
untuk keluar : [EMAIL PROTECTED] 
Yahoo! Groups Links

<*> To visit your group on the web, go to:
    http://groups.yahoo.com/group/madiun-club/

<*> To unsubscribe from this group, send an email to:
    [EMAIL PROTECTED]

<*> Your use of Yahoo! Groups is subject to:
    http://docs.yahoo.com/info/terms/
 


Kirim email ke