oalahh cak...cakk....nek iku seh aku wis eroh, wis maca kaet biyen....cuma gak
popolah....tapi nggarai aku kepingin moleh ae....... soale nostalgia lawas...
pak wirawan....Radio suzanna jek muter tah acara iku....... ben stengah papat kan ?....
> ----------
> From: Agus Sutjahyo[SMTP:[EMAIL PROTECTED]]
> Subject: [mancing-l] FW: SUROBOYOAN
>
>
> Aku sing silent spy....
> Aku seneng ambek sampeyan kabeh...terutama guyonan sing akeh
> nyerempet-nyerempet saru...gak opo-opo terusno ae..
> Aku juga seneng mancing nang laut tapi sik amatiran...matur nuwun Abah,
> MUnadi, Riza, Kapten BH, Greg dll. sing akeh ngajari istilah-istilah
> mancing. Sayange aku sak iki lagi keranjingan golf...dadi wis suwe gak
> mancing.
>
> Iki onok guyonan ala suroboyoan...ben tambah rame...Mbak Lisa, nek lagi moco
> guyonan ojok ngguyu dewe...engkok sampeyan dikiro wong gendeng...!
>
> Salam, Cahyo
> > Minimarket
> > Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe. Sing dituku tibake
> > daging kalengan gawe pakane kucing. Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni
> > kasire.
> > "Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno
> > lek sampeyan iku ndhuwe kucing.
> > Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare
> > Bunali, kasire.
> > Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno
> > ndhik Bunali.
> > "Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.
> > Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit pakane
> > asu.
> > Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.
> > "Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?.
> > Aku khawatir lek tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. " jare
> > Bunali, kasire.
> > Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik
> > Bunali.
> > "Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit gawe asune. Sisuke
> > Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase indomi
> > sing pinggire dibolongi sak driji.
> > "Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Bunali. "Iki isine
> > dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno. Wis
> > tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun.
> > Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali
> > kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus. Tibake njerone onok
> > gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.
> > Bunali misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo
> > aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek."
> > "Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ?"
> >
> > YUYU-
> > Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali. "Mbah. Jare arek-arek
> > sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ? " takok Bunali.
> > "Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. " jare Wonokairun.
> > "Lho kok isok ?" jare Bunali.
> > "Sing pertama mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun "Lha sing kedua ?"
> > takok Bunali "Sing kedua mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun. "Lha sing
> > ketiga yo nguntal yuyu pisan " jare Bunalu kemeruh.
> > "Gak. Matine mergo tak gibheng." jare Wonokairun.
> > "Lho opoko ?" takok Bunali.
> > "Soale gak gelem nguntal yuyu . . ."
> > Bunali:..??????? ------------------------------------------
>
> ---------------------------------------------------------------------
> Millis ini terselengara berkat dukungan PT. KreatifNet - The WebDesign Company
> http://www.kreatif.com
> To unsubscribe, e-mail: [EMAIL PROTECTED]
> For additional commands, e-mail: [EMAIL PROTECTED]
>
> Website mancing-l at http://www.MancingL.com --> Fishing information, online chat,
>forum discusion, clasifiedads, etc
> MancingL Archive at http://www.mail-archive.com/[email protected]
>
> ** Save Bandwidth... potong berita yang tidak perlu **
>
>
>
>
>
>
>
---------------------------------------------------------------------
Millis ini terselengara berkat dukungan PT. KreatifNet - The WebDesign Company
http://www.kreatif.com
To unsubscribe, e-mail: [EMAIL PROTECTED]
For additional commands, e-mail: [EMAIL PROTECTED]
Website mancing-l at http://www.MancingL.com --> Fishing information, online chat,
forum discusion, clasifiedads, etc
MancingL Archive at http://www.mail-archive.com/[email protected]
** Save Bandwidth... potong berita yang tidak perlu **