Iki cocoke ndapuk ketoprak mancing ae rek, paling dimarahi timbul sama subaki ... ha 
haaaa ....  onok kompetitor baru !!!


--- Adi Wisaksono <[EMAIL PROTECTED]>
> wrote:
>Sampeyan pinter nglucu cak, salam kenal seko Magelang yo !
>
>At 03:08 PM 7/6/00 +0700, you wrote:
>>
>>Aku sing silent spy....
>>Aku seneng ambek sampeyan kabeh...terutama guyonan sing akeh
>>nyerempet-nyerempet saru...gak opo-opo terusno ae..
>>Aku juga seneng mancing nang laut tapi sik amatiran...matur nuwun Abah,
>>MUnadi, Riza, Kapten BH, Greg dll. sing akeh ngajari istilah-istilah
>>mancing. Sayange aku sak iki lagi keranjingan golf...dadi wis suwe gak
>>mancing.
>>
>>Iki onok guyonan ala suroboyoan...ben tambah rame...Mbak Lisa, nek lagi moco
>>guyonan ojok ngguyu dewe...engkok sampeyan dikiro wong gendeng...!
>>
>>Salam, Cahyo
>>>  Minimarket
>>> Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe.  Sing dituku tibake
>>> daging kalengan gawe pakane kucing. Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni
>>> kasire.
>>> "Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno
>>> lek sampeyan iku ndhuwe kucing.
>>> Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare
>>> Bunali, kasire.
>>> Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno
>>> ndhik Bunali.
>>> "Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.
>>> Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit pakane
>>> asu.
>>> Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.
>>> "Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?.
>>> Aku khawatir lek tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. " jare
>>> Bunali, kasire.
>>> Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik
>>> Bunali.
>>> "Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit gawe asune.  Sisuke
>>> Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase indomi
>>> sing pinggire dibolongi sak driji.
>>> "Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Bunali.  "Iki isine
>>> dhudhuk ulo.  Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno.  Wis
>>> tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun.
>>> Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali
>>> kendhel.  Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus. Tibake njerone onok
>>> gembuk-gembuke.  Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.
>>> Bunali misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo
>>> aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek."
>>> "Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ?"
>>> 
>>> YUYU-
>>> Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.  "Mbah.  Jare arek-arek
>>> sampeyan wis rabi ping telu.  Yo tah ? "  takok Bunali.
>>> "Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. " jare Wonokairun.
>>> "Lho kok isok ?" jare Bunali.
>>> "Sing pertama mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun "Lha sing kedua ?"
>>> takok Bunali "Sing kedua mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun.  "Lha sing
>>> ketiga yo nguntal yuyu pisan " jare Bunalu kemeruh.
>>> "Gak.  Matine mergo tak gibheng." jare Wonokairun.
>>> "Lho opoko ?" takok Bunali.
>>> "Soale gak gelem nguntal yuyu . . ."
>>> Bunali:..??????? 

_____________________________________________________________
www.MancingL.com, The best Indonesian Fishing Site!
visit us at--> http://www.MancingL.com
Fishing information, Free email, Free game, Mailing list, Buletin Board, and many 
more!


---------------------------------------------------------------------
Millis ini terselengara berkat dukungan PT. KreatifNet - The WebDesign Company
http://www.kreatif.com
To unsubscribe, e-mail: [EMAIL PROTECTED]
For additional commands, e-mail: [EMAIL PROTECTED]

Website mancing-l at http://www.MancingL.com  --> Fishing information, online chat, 
forum discusion, clasifiedads, etc  
MancingL Archive at http://www.mail-archive.com/[email protected]

** Save Bandwidth... potong berita yang tidak perlu **







Kirim email ke