Badu ngenteni sepur jurusan malang nang setasiun wonokromo kok suwe nggak
liwat-liwat.
terus onok Buk bakul jeruk towo jeruk..
Bok : Cak jeruk cak legi-legi cak gawe camilan timbangane nganggur digawe
oleh-oleh yo isok..
Badu : temen tah buk.. jeruk-e legi..
Buk : Iyo rek iki jeruk asli bangkalan jeruke legi-legi.
Badu : Piro sak kilone Buk ?
Buk : telung ewu sak kilo cak,  tuku pirang kilo cak ?
Badu : tuku rong kilo ae buk, bungkusen sak kilo-sak kilo yo..
Buk : kok dibungkus loro sih cak..
Badu : Iyo buk sing siji digawe camilan sing sijine digawe oleh-oleh pacar
buk..
Sakmarine ngedoli ambek nyusuki Badu, Buk ngaleh nawari nang wong liyane , 
Terus Badu bukak bungkusan jeruke jatahe camilan dek e dewe..
Badu :Yok opo iki rek sepure kok nggak teko-teko, Ah ben nggak bosen
ngenteni sepur 
          ambek mangan jeruk lak enak.. (Sak marine dionceki terus jeruke
dipangan)
Badu : Juangkrik kok kuuecut jeruk opo iki rek jarene legi kok kecut..
Badu : Buk.., buk rene disik..
Buk : onok opo cak susuke kurang tah...
Badu : Nggak.., sampean maeng ngomonge jeroke legi lah kok kecut..
Buk : Loh iyo cak aku maeng ngincipi yo pas legi cak..
Badu(ambek ngamuk) : Iki sing tak pangan kok kecut...
Buk : Cak jeruk iku onok sing legi yo onok sing kecut cak, lek sampean
kepingin legi terus..
         yo... engemut gulo ae cak...
Badu : Ngggg.....
Buk (ambek mlaku) : Sampean tuku rong kilo ae ngamuk aku iki wingi tuku
limang karung....


Rudy Swardani
[EMAIL PROTECTED]
TP ASSEMBLY CONTROL
PT.INDONESIA EPSON INDUSTRY

Kirim email ke