Wah cak Rudi
sampeyan pinter gawe wong melek lan guyu kepingkel2...
ono liane ora
Rudy Swardani wrote:
> Badu ngenteni sepur jurusan malang nang setasiun wonokromo kok suwe nggak
> liwat-liwat.
> terus onok Buk bakul jeruk towo jeruk..
> Bok : Cak jeruk cak legi-legi cak gawe camilan timbangane nganggur digawe
> oleh-oleh yo isok..
> Badu : temen tah buk.. jeruk-e legi..
> Buk : Iyo rek iki jeruk asli bangkalan jeruke legi-legi.
> Badu : Piro sak kilone Buk ?
> Buk : telung ewu sak kilo cak, tuku pirang kilo cak ?
> Badu : tuku rong kilo ae buk, bungkusen sak kilo-sak kilo yo..
> Buk : kok dibungkus loro sih cak..
> Badu : Iyo buk sing siji digawe camilan sing sijine digawe oleh-oleh pacar
> buk..
> Sakmarine ngedoli ambek nyusuki Badu, Buk ngaleh nawari nang wong liyane ,
> Terus Badu bukak bungkusan jeruke jatahe camilan dek e dewe..
> Badu :Yok opo iki rek sepure kok nggak teko-teko, Ah ben nggak bosen
> ngenteni sepur
> ambek mangan jeruk lak enak.. (Sak marine dionceki terus jeruke
> dipangan)
> Badu : Juangkrik kok kuuecut jeruk opo iki rek jarene legi kok kecut..
> Badu : Buk.., buk rene disik..
> Buk : onok opo cak susuke kurang tah...
> Badu : Nggak.., sampean maeng ngomonge jeroke legi lah kok kecut..
> Buk : Loh iyo cak aku maeng ngincipi yo pas legi cak..
> Badu(ambek ngamuk) : Iki sing tak pangan kok kecut...
> Buk : Cak jeruk iku onok sing legi yo onok sing kecut cak, lek sampean
> kepingin legi terus..
> yo... engemut gulo ae cak...
> Badu : Ngggg.....
> Buk (ambek mlaku) : Sampean tuku rong kilo ae ngamuk aku iki wingi tuku
> limang karung....
>
> Rudy Swardani
> [EMAIL PROTECTED]
> TP ASSEMBLY CONTROL
> PT.INDONESIA EPSON INDUSTRY