Darsono, Wardi, Sugeng dan Jono janjian reuni nang restoran elit nang
Tunjungan Plaza. Darsono sing mbayari. Ambek mangan, ngobrol ngalor
ngidul nostalgia. Wis mari mangan Darsono pamit konco-konco-ne arep
nyanyi karaoke-an, �njaluk lagu opo rek ? Last Kiss tah ?"
Sambil ngrungo�ke Darsono nyanyi, konco-konco-ne ngobrol maneh.
"Yok opo cerito anakmu Geng ?" takon Wardi nang Sugeng.
Sugeng cerito , "Oo, api-apik wae, anak-ku lak 2. Sing wedhok melu
bojo-ne sing Kapolres nang Medan kono. Mas�e lanang wis dadi wong sugih
� dadi BOSS, nduwe pabrik sepatu nang Sidorajo ambek pabrik mie nang
Lamongan. Mung yo ngono � gak ngopeni wong tuo blas ! Montor wae aku
tuku dewe sing bobrok ngene. Gumun-ku � waktu pacar�e ulang taon wulan
wingi � anak-ku ngenehi BMW 318i. Ck ck ck � lha lek anakmu War ?�
Wardi yo cerito. �Anakku 3 lanang kabeh Sing mbarep ambek sing tengah
wis nyambut gawe nang Amrik, gak sepiro sugih timbangane sing bontot.
Masi�o sing bontot manggon nang Malang, nasib�e luwih apik, wis dadi
direktur developer omah ril-estet. Mung yo rodo payah sing bontot iki �
omah-ku wis doyong kanan-kiwo � gak tau aku di-gawek�e siing anyar ! �
eh � pacar�e yo ulang taon wulan wingi � di-gawek�e omah koyo istana.
Ora eram tenan ! Nha lek anakmu yo� opo Jon ?�
Sak iki Jono sing cerito, �Anak-ku 4, wedhok 3 wis podo dadi uwong. Lha
sing paling sukses yo sing Lanang. Sak iki wis 5 taon dadi pialang
saham. Mung rodo ra nggenah � mosok tekan sak iki gak tau ngirim duwik
blas � gendhakan�ne sing wulan wingi ulang taon � dihadiahi deposito 100
yuto. Mbuh arek iku ?�
Sak marine Jono cerito, Darsono mbalik seko nyanyi � wis mari
karaoke-ne, �cerito opo wae iki rek � kok podo kuyu ?�
�iki lho Dar, podo cerito anak-anak. Yok opo cerita anak-mu Dar ?�, Jono
sing mbuka cangkem.
Mari nyulut cerutu (dudu rokok lho), Darsono mulai cerito �Anakku mung
siji ndil � lanang , mung payah. Aku pengen de�e dadi sorodadu, eeeeh
malah dadi bencong. Wis 5 taon iki buka salon, seko mbiyen tekan sak iki
yo tetep wae nyalon. Masiho ngono, de�e tetep anak-ku. Opo maneh dasar�e
anak-ku iku apik�an, gaul jare arek-arek sak iki, tur sayang nang wong
tuwo�ne. Tiap entuk rejeki aku mesti kecipratan. Wulan wingi wayah�e
de�e ulang taon, ono sing ngado BMW 318 gress, omah gedong anyar ambek
deposito 100 yuto. Jarene kabeh-kabeh kanggo aku, de�e tetep nyalon wae.
Lha gak seneng buanget aku ? Lha iki dino sampeyan tak jemput nggawe
mobil entuk anak-ku iku �
Sak kelebetan Darsono kuuuaaageeet ndelok konco-konco-ne , �Lha � lha �.
Sampeyan koq podo modhar ngono ?�