Kembali ke akar. Salam.
----- Forwarded Message -rehat nusa : SATU LAGI suluk dalang
Dear all,
Kian kemari-kiwari, di tengah prahara rubeda dunia, jiwa kita tetap niscaya
memperoleh damai tenteram, tahu asal dan tujuan, sangkan-paran hidup.
Bersyukur ada kiriman dari milis PSTK (Karawitan ITB Bandung), prayoga
djaganegara, berikut ini. Suluk dalang memayu bahagia.
Semoga berguna bagi diri dan komunitas kita semua.
Salam shanti rahayu satuhu.
1. Sulukan Kapanditan Kalima Usada:
O¦O¦, panca-siddhautama, O...,
kaekakarya pepadang sasama, O¦,
kadwi asung tetulung, katri anglelipur, O¦,
kang kacatur weh aksama, O¦,
kalima ambeg adil paramarta,
mangkana sabdaning brahmana, O¦,
dadyamargining kabagyan, O¦
(PancaSidhi Utama : memberi pencerahan, menolong/penghiburan, pengampunan,
baik dan adil, kebahagiaan)
2.Sulukan Jugag:
Sabdabrahmana raja,
Tan wola-wali sepisan dadya, O¦,
Bawa-leksana, Bawaning rasa leksananing raga,
Urip mung sadrema,
Netepi dawuhNYA, O¦
(Sabda BrahmanaRaja : bicara konsisten, satu kata satu perbuatan, hidup patuh
padaNYA)
3. Lir sadpada sun tumiling angulati,
Puspita medem endah kang warni, O¦.
Midering taman anon sekar warsiki,
Kumenyut ing tyas bayaajatu-krama, O¦
4. Panglumpuking angen nyawiji ing teleng ati,
Kang wus pegat kalawan pakartining penggalih, O...
Kanggo nyenyadang anampani dhawuhing Gusti,
Iku kang njalari manungsa bisa antuk tuntunan Jati, O...
(Bila budi menyatu nurani, bersiap taat kepadaNya, maka DIA akan memberi
petunjuk bening)
5. Yen sira kawasa mranata hawa,
Sayekti dadya jineming panggalih, O¦.,
premaneming raos, a-kar ya margi, O¦
Manunggaling kawula-Gusti, O¦..
(Manakala nafsumu kaukendalikan, peka nurani, terang budi dan laku, menyatu
denganNYA)
6. ODO2 GREGET SAUT
Ampyak-en kayawong njala,
Krubuten kayamenjangan mati,
Rawe-rawe rantas malang-malang putung,
Sadumuk bathuk senyari bumi,
Bebelaadeging diri, Sun labuhi pati, O¦
7. GREGET SAUT SL.M
Dahanasmara-jati,
Anganthi jiwo-raga prateng Janji,
Tan minger ngeblat mring Widdhi,
Jroning nala Aseshanti,
Jaya-jayawijayanti, O¦
8. GREGET SAUT SL.M
Sumbar-irakayawani ndilat wesi abang,
Kayabisa amutung wesi gligen,
Acancutatali-wanda,
Atangkep jaja, Akantaran bahu,
Sun kembari sakatogmu, O¦
9. Aywasesumbar pan wani ndilat wesi abang,
Amutung wesi gligen,
Tumenga-angakasasambaten bapamu,
Tumungkulapertiwi sambaten wibimu,
Sun untab-ake mring kaswargan, O¦
10. PATHETAN SL.M
Wus kapyarsa sawung kaluruk,
Gagat rina anyaketi,O¦
Bangwetan Hyang Surya anjwala, O¦
Sumunu madangi,
Sagung titahing Gusti, O¦
Sun Asanti Jaya-jayawijayanti, O¦
(Ayam jantan telah berkokok, fajar menjelang, mentari segera bersinar,
menerangi, segala sabda Tuhan, Jaya Jaya Wijayanti)
11. PATETAN MANYURA
Wancine wus manyura,
Pratanda dewasaning jiwa, O¦.
Saniskara wus cinakup, O¦.
Tansamar pamoring suksma,
Awas ing roroning atunggil, O¦.
Tan liyan kang ginayuh,
Amung memanising semu, O...
(Kala telah rembang, jiwa pun dewasa, segalanya tercakup, tak kuatir menyatu
sukma, manunggal, tiada yang lain dikehendaki karena semua itu maya adanya)
12. ODO-2 MATRAMAN
Kebranang duka yayah sinipi,
Lir mbaledhag jaja iki,
Ambabi wuta ambudeg lali,
Sadumuk bathuk senyari bumi,
Yen sirarsa jejamah adeging diri,
Sayekti sun labuhi pati, O¦
13. ODO-2 GIRISA
Sayekti sagung dumadi,
Pratandhakarsaning Widdhi,
Aywanakang walang ati,
Aprasetya diri,
Anedyanunggal nyawiji,
Wit- ing donya prapteng janji,
Tan minger ngeblat mring Gusti, O¦
Tindak-tanduk anut sasmita jati, O¦
Lelaku sucining wong jawi,
Dhuh Gusti mugi tansah angayomi, O¦
14. PATHET 9 JINGKING
O¦, O¦.., Dhuh Gusti nyuwun aksama,
Ciptaning ragatansah angrubeda,
Tanpadayayen tan angsal idi Paduka,
Jiwa-ragasayekti amung wadah sepata,
Dhuh Gusti mintaaksama,
Dhuh Gusti mintaaksama, O¦
(Aduh TUHAN mohon ampunMu, badan selalu mengganggu, tetapi bila Kau bertitah,
jiwa ragaku apalah nilainya, Aduh Tuhan mohon ampun, mohon ampunMu)
15. ODO2¦
mBuh wus ambal kaping pira,
aku ra weruh, O¦
dudu karepku, sakalir kang gumelar,
sayekti wus rinancang,
rancangan ginaib,
ginebeng gilig ginegem,..
gineged¦ ginedrug¦ O¦
tan wola-wali sepisan dadi, O¦ (sampak)
16. ODO2..
sindung riwut magenturan,
kumupak mawetu gelap,
mobal-babal geni yomani,
kawah candra-dimuka,
lir kinebur-kebur syuuuh semburat ngambara laya, O¦
17. ODO2..
Ngeblat raga temahan lali,
Kacidran janji,
Ngeblat rasa satemah yekti,
Jineming raos ngabekti Gusti, O¦
(Kiblat raga itu lupa, janjipun tak tertepati, hanya kiblat rasa jiwa, bakti
pada Tuhan itu yang hakiki)
18. ODO2..
Wiwit biyen mula,
Tan ana tentreming bumi,
Nadyan nabi pisan,
Uripe binujung rubeda,
Prang pepadhaning titah,
Luwih-luwih saiki,
Cacahe manungsa milyaran,
Sayaangel nyiptatentreming jagad, O¦
(Dari semula, tiada tenteram bumi, biar nabipun bermasalah hidupnya, begitu
banyak perang antar manusia, apalagi kini, jumlah manusia bermilyar, kian sulit
meraut damai tenteram di bumi)
19 ODO2.. JUGAG
Nanging manungsa mung sadrema,
Jer kabeh wus pinasthi, O¦
20. PATHET-9 JUGAG
Wis ra anakang kudu disamarake,
Kabeh sing gumelar pancen KarsaNE,
Wis sarwapener samubarange, O¦
(Mengapa berkuatir, segala yang ada adalah KehendakNYA, semuanya itu benar
adanya)
21. Odo2
Sedumuk bathuk senyari bumi,
Linabuhan ing pati, O¦
Wus dadi tekading ati,
Bebela adeging diri, Yabebela adeging nagri,,
Yabebela dhawuhing Gusti,
Amung Gusti kang uning kang bakal dadi, O¦
(Apapun kubela sampai mati, membela diri suci, bela negeri, bela Sabda Tuhan,
hanya yang sesuai kehendakNYA akan terjadi)
22. PATHETAN..
Gumelarmu kinarsak-aKE,
Tetepangiblat mring Widdhi,
Murih weruh karsaNE,
Iku ingaran Eling sejati,
Iku urip sejati,
Iku karsaNE,
Mung siji dawuh-E,.. mituhu, O...
(Segala tergelar jadi, tetaplah berkiblat padaNYA, sesuai kehendakNYA, itulah
yang disebut ELING sejati, itulah hidup sejati, itu kehendakNYA, hanya satu :
taat mituhu padaNYA)
23. PATHETAN JUGAG
Yen wus nampasasmita-DI,
Eling yen sakalir tananakleru,
Kang uwis lan kang arep,
Mapan iku karsaNE, O¦
(Bila telah kaudapat sasmitaNYA, ELING betapa semuanya tiada yang keliru, yang
sudah maupun yang akan terjadi, itu hanya kehendakNYA)
24. ODO2.. "LAKU TELU"
Yen dijarag uwong,
Sepisanan ngalah,
Kapindo ngalih,
Katelu ngamuk,
Ngamuk sesambat mring Gusti nyuwun pangadilan, O¦
(Bila dicobai orang, pertama mengalahlah, keduanya tinggalkan pengganggumu,
sampai ketiga mengamuklah, mengamuk dengan menyambat dan memohon padaNYA)
25. ODO2 "WATAK LIMO"
.. TUMRAP sadengah,
Sepisan sung pituduh hayu,
Kapindo seneng tetulung,
Katri paring panglipur,
Kapat aweh aksami,
Kalima ambeg adil mring sesami, O¦
(Lima ajaran tuntunan : pertama senanglah saling bernasihat, kedua bersukalah
tolong-menolong, ketiga baku penghiburanlah, keempat saling mengampuni, kelima
berbuat kebajikan keadilan)
26. ODO2 "MA-PITU"
.. Ojo Maling, Madat, Madon, Minum, Main, Mateni lan Maido... O...
(Janganlah : mencuri, madat, berzinah, minum mabuk, berjudi, membunuh, mencela
tanpa dasar)
27.PATHETAN JUGAG
Manusa lair wus pinaringan,
Watak lan lelakon,
Winayang ing wujude,
Mula sinebut sa-drema, O¦
(Manusia lahir telah dianugerahi watak dan jalan kehidupan, bak wayang di
lakon, itulah Saderma-Dharma)
28. PATHETAN JUGAG
Bumi dumadi ndisiki,
Manusa tumumpang siti,
Kaungkulan langit,
Winengku ing titi-wanci,
Watak lan lelakon sayekti,
Dadi pratandha wisiking Gusti, O¦
(Bumi dijadikan dulu, baru manusia berpijak disitu, berpayungkan langit, di
pelukan waktu, sejatinyalah watak dan lakon hidup, itu pertanda SabdaNYA)
29. ODO2 "CACAH BAYU"
CACAH limo sadulur bayu,
sapisan bayu langgeng,
kapindo bayu aneras,O¦,
katri bayu mangkurat,
kapat bayu kinara,
kalimabayu panutup, O¦
(Ada lima saudara BAYU : Langgeng, Aneras, Mangkurat, Kinara, dan Panutup)
[Non-text portions of this message have been removed]