http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2010/05/02/490/Dhuwitkrasi


Dening Soedjarwo
Dhuwitkrasi

DEMOKRASI iku tegese pemerintahan oleh rakyat. Rakyat, utawa warganing negara 
kuwi, ing Indonesia cacahe akeh banget. Sing wenang nemtokake peprentahan dalah 
pemimpin-pemimpine iku rakyat. Rakyat duwe wakil-wakil ana parlemen, rakyat 
nduweni hak nemtokake presiden, gubernur, bupati, walikota, nganti tekan kepala 
desa. Calon presiden, calon gubernur, calon bupati, calon wali kota, bisa dadi 
presiden, gubernur, bupati, lan wali kota menawa kepilih dening sebagian gedhe 
rakyate. Calon presiden, calon gubernur, calon bupati, calon wali kota, lan 
liya-liyane bisa nglungguhi jabatan mau menawa entuk kapercayan saka sebageyan 
gedhe rakyate.  Lha yen wis kelakon nglungguhi jabatan mau, pemimpin-pemimpin 
mau isih diawasi dening wakil-wakil rakyat, kebijaksanaan-kebijaksanaane perlu 
disetujoni dening wakil-wakil rakyat.

Kawawas saka tujuwane, demokrasi iku pancen becik. Mula asas demokrasi iku 
dicakake uga ing sadhengah organisasi. Asas demokrasi dicakake ana babagan apa 
wae: pendidikan, ekonomi, sosial, kabudayan, lan liya-liyane
Nanging demokrasi iku uga werna-werna. Ana demokrasi liberal, ana demokrasi 
terpimpin, ana demokrasi Pancasila. Saliyane iku, demokrasi iku cak-cakane ora 
gampang. Becik lan alane lakuning peprintahan gumantung marang para pemimpine 
para wakil rakyat, partisipasi masyarakat klebu uga media massa.

Demokrasi iku uga bisa nuwuhake ekses-ekses kang satemene ora dikarepake dening 
demokrasi iku dhewe. Sawise masyarakat Indonesia dekendhaleni kanthi kenceng 
(terkekang) ing jaman Orde Baru biyen,  saiki akeh kang padha manfaatake 
kebebasan, umpane: kebebasan demo, kebebasan ora setuju karo kebijaksanaan 
pamarintah, kebebasan bersaing, kebebasan rebutan panguasa, lan liya-liyane. 
Ing tayangan televisi asring kita pirsani anane udreg-udregan ing antarane 
pendemo karo pulisi, antarane pedagang kakilima karo satpam, tawuran ing 
antarane mahasiswa, utawa pelajar, sarta tawuran ing antarane kelompok 
masyarakat siji lan sijine.

Menawa ana tetandingan bal-balan sing bertanding ora mung pemain, nanging uga 
para suporter. Kabeh udreg-udregan mau ora mung gawe maceting lalu lintas 
naging uga gawe rusak ing pager, jendela omah, kendaraan, sarta sepur sing 
ditumpaki dening para bonek. Sing padha nandhang tatu tarkadhang ya ora 
sethithik cacahe.

Mula tembung demokrasi sok diplesedake dadi democrazy utawa demo dianggep 
singkatan saka tembung demonstrasi utawa unjuk rasa lan krasi. Lha judul 
tulisan ing kolom iki duwitkrasi, saka tembung dhuwit lan krasi, aja kleru karo 
dhuwit lan trasi, yaiku dhuwit kanggo tuku trasi. Dhuwitkrasi iku pamerintahan 
sing dikendaleni dening dhuwit. Kanyatane, saiki-iki menawa kepingin kapilih 
dadi pejabat iku modale ora setithik. Ana sing jenenge tim sukses sing 
mbutuhake dhuwit akeh. Kanggo pasang baliho, pasang iklan, kanggo usaha golek 
calon pemilih sak akeh-akehe, perlu dhuwit sing cacahe akeh banget, ora mung 
atusan yuta, nanging terkadang nganti milyaran malah trilyunan. Para pemilih 
yen ora oleh apa-apa ya luwih becik ora milih, saya yen mung diobrali 
janji-janji sing durung mesthi kaleksanane. Mula pemilihan umum iku dadi ajang 
perange dhuwit karo dhuwit. Sanajan sing duwe seponsor dhuwite ya akeh, nanging 
menawa wis kepilih dhuwit mau kayadene piutang sing kudu dibalekake, senajan 
ora arupa dhuwit. Kanggone sing kalah kahanane luwih rekasa. Kamangka sing 
menang mung sepasang dene sing kalah pirang-pirang pasang. 

Muga-muga plesetan mau ora bener. Iki mung plesetan, kang saliyane kanggo 
geguyon ya isi pepenget supaya manungsa ora banget-banget dikendhaleni  dening 
dhuwit, utamane ing babagan politik. (35)


[Non-text portions of this message have been removed]



------------------------------------

Post message: [email protected]
Subscribe   :  [email protected]
Unsubscribe :  [email protected]
List owner  :  [email protected]
Homepage    :  http://proletar.8m.com/Yahoo! Groups Links

<*> To visit your group on the web, go to:
    http://groups.yahoo.com/group/proletar/

<*> Your email settings:
    Individual Email | Traditional

<*> To change settings online go to:
    http://groups.yahoo.com/group/proletar/join
    (Yahoo! ID required)

<*> To change settings via email:
    [email protected] 
    [email protected]

<*> To unsubscribe from this group, send an email to:
    [email protected]

<*> Your use of Yahoo! Groups is subject to:
    http://docs.yahoo.com/info/terms/

Kirim email ke