PITUTUR LUHUR

Nggèr anakku...
Sawangen kaé dagelan jagat..
Sing lagi rebutan donya lan pangkat..
Rumangsané wis paling kuat..
Nganti lali yèn donya iki bakalé kiamat..

Nggèr anakku...
Sawangen kaé dagelan jagat..
Padha lali ngrumat wasiat..
Gaman aji kanggo donya lan akhirat..

Nggèr anakku...
Sing kok sawang kaé ojo ditiru..
Rungokno lan élinga karo pesenku..
Kanggo ugeman lakon uripmu..

Nggèr anakku...
Bagusmu dudu saka awak lan sandanganmu, luwih-luwih bondomu ... dudu
anakku!!
Ayumu dudu saka wedak pupur kang gampang luntur..
Nanging kabeh mau saka resiké atimu sing nampa pitutur luhur..

Sugihmu dudu emas picis raja brana sing gampang sirna..
Nanging jembaré atimu sing koyo segara..
Sing iso nampa pesthining kang maha kuwasa.

Nggèr anakku,
Eling ta di éling-éling..
Ojo nganti imanmu nggoling..

Nggèr anakku
Sekarat pati iku banget larané..
Sebab nalika jaman uripé..
Akeh dosané lali marang taubaté..
Ngumbar terus hawa nafsu lan murkané..

Saiki cedakno atimu lawan Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Mesti uripmu bakal mukti ing donya lan akherat.

-- 
Anda menerima pesan ini karena Anda berlangganan grup "GELORA45" dari Google 
Grup.
Untuk berhenti berlangganan dan berhenti menerima email dari grup ini, kirim 
email ke [email protected].
Untuk melihat diskusi ini di web, kunjungi 
https://groups.google.com/d/msgid/gelora1945/CAG8tavigEZVWopuYmVs1ZZkuESdMhSXp4sE52e_ib97xsMN8Gw%40mail.gmail.com.

Reply via email to