Ono 3 drakula sodara'an, nggawe kompetisi kejem-kejem-an ambek sadis-sadis-an. Drakula sing paling nom (jenenge : Zack) entuk kesempatan dhisik-an. Mlayu koyo kesambet petir, pas 2 menit wis mbalik maneh. Raine wuabang kabeh ... getihan, mung sambil ngguyu ngekek de'e takon nang kakang-kakang'e : " sampeyan inget dusun nang walik'e bukit iku ? " kakange loro ngangguk, " yo inget ... emange lha opo" " wuentek resik ... gak ono sing urip maneh" --------------------------------------------------------------------------- Kakang'e sing tengah (Didiek jeneng'e) ... langsung mlayu sakelebetan, trus 1 menit wis mbalik, raine yo penuh getihan. De'e takon sedulur'e : " jek inget kuto nGresik ? ", sambil cengengesan mesam-mesem "wah ... tas mbalik seko nGresik tha ? ", kangmas sing tuwe takon sambil gumun. "nGresik yo tak entek'e ... resik !!!", sambil ngguyu <osrammmm> ," ha..ha..ha..ha ". ------------------------------------------------------------------------ Drakula sing paling tuwek <jenenge : O-Glex> yo pengen pamer taring. De'e mlayu sak dadi-dadi-ne ... buanter temen !!! . Adi-adi-ne sing loro kuageeeet gak ketulungan ... mergane durung tekan hitungan 30 detik ... O-Glex wis mbalik !!! Raine ... asli ! getihan ... durung garing blas ... jek ngocor-ngocor ngono ... Adi-adi-ne mbatin ..."kangmas-ku guendheng rek ... paling sadis tur paling kuejem ... paling iku Jakarta sing di-giles ???" Jek ngos-ngosan O-Glex mbengok : "sampeyan ndelok tiang listrik ning pengkolan kono ?" "Ndelok ! Ndelok !!", bareng adi-adi-ne nyaut ... "Asli... aku gak ndelok !!!!".
