Genah oge nya , basa dermayon teh. sok ah der deui.

--- On Tue, 26/2/13, Ki Hasan <[email protected]> wrote:

From: Ki Hasan <[email protected]>
Subject: [kisunda] Carita Dermayonan - Tukang Urut Munggah Kaji
To: "Ki Sunda" <[email protected]>
Cc: "Baraya Sunda" <[email protected]>, "Urang Sunda" 
<[email protected]>
Received: Tuesday, 26 February, 2013, 9:24 AM
















 



  


    
      
      
      Carita Dermayonan - Tukang Urut Munggah Kaji
Ku Abah Helmi

Kejaba sugih lan blabah, Gan Kaji Husén, kesora kaji ping lima. Méh patang taun 
pisan jaroh ning tanahsuci. Usaha wesiné tambah rongkah tur barokah, uga 
Yayasan Yatim-Piatu sing diurusé tambah jembar. Mung. Wis manjing patang taun, 
dingarén ora jaroh. Jaré, amerga asam urat sing kronis. Seminggu pindo Gan Kaji 
diurut Wa Dulatip, tanggané.


“Wa Dulatip, tau gada niat kaji, tah?” Gan Kaji takon karo Wa Dulatip sing lagi 
anteng ngurut wetisé.

“Baka nawaétu sih tamtu mawon, Gan. Haben ba’da sholat, tansah dedonga dumateng 
Kersané Gusti Allah supadosa diparingi dedalan. Malah baka olih bayaran saking 
Agan, nguja dipisahena sacuil, nggo nyéléngi nang bumbung pring.”


“Apik, Wa. Sésuk, Uwa ngancani kula daftar ONH pleus. Syaraté, ning kana tugas 
Uwa nguruti kula, baka asam uraté kerasa.”

“Maksadé, Agan?”

“Iya, Kita mangkat kaji bareng. Biayané bagén kula sing nanggung.”


“Subhanalloh..! Alhamdulillah..!” Wa Dulatip namprak, tuli sujud syukur. Ana 
sing tumétés ning pojok mripaté.





    
     

    
    






  








Kirim email ke