Carita Dermayonan - Tukang Urut Munggah Kaji Ku Abah Helmi Kejaba sugih lan blabah, Gan Kaji Husén, kesora kaji ping lima. Méh patang taun pisan jaroh ning tanahsuci. Usaha wesiné tambah rongkah tur barokah, uga Yayasan Yatim-Piatu sing diurusé tambah jembar. Mung. Wis manjing patang taun, dingarén ora jaroh. Jaré, amerga asam urat sing kronis. Seminggu pindo Gan Kaji diurut Wa Dulatip, tanggané.
“Wa Dulatip, tau gada niat kaji, tah?” Gan Kaji takon karo Wa Dulatip sing lagi anteng ngurut wetisé. “Baka nawaétu sih tamtu mawon, Gan. Haben ba’da sholat, tansah dedonga dumateng Kersané Gusti Allah supadosa diparingi dedalan. Malah baka olih bayaran saking Agan, nguja dipisahena sacuil, nggo nyéléngi nang bumbung pring.” “Apik, Wa. Sésuk, Uwa ngancani kula daftar ONH pleus. Syaraté, ning kana tugas Uwa nguruti kula, baka asam uraté kerasa.” “Maksadé, Agan?” “Iya, Kita mangkat kaji bareng. Biayané bagén kula sing nanggung.” “Subhanalloh..! Alhamdulillah..!” Wa Dulatip namprak, tuli sujud syukur. Ana sing tumétés ning pojok mripaté.
