leuwih genah, upama dibacakeun ku urang Dermayu/Cirebon. Aya lentong khas ala cirebonan, anu matak "dedengeeun".
mrachmarawyani ________________________________ From: Abbas Amien <[email protected]> To: [email protected] Sent: Tuesday, February 26, 2013 1:20 PM Subject: Re: [kisunda] Carita Dermayonan - Tukang Urut Munggah Kaji Genah oge nya , basa dermayon teh. sok ah der deui. --- On Tue, 26/2/13, Ki Hasan <[email protected]> wrote: >From: Ki Hasan <[email protected]> >Subject: [kisunda] Carita Dermayonan - Tukang Urut Munggah Kaji >To: "Ki Sunda" <[email protected]> >Cc: "Baraya Sunda" <[email protected]>, "Urang Sunda" ><[email protected]> >Received: Tuesday, 26 February, 2013, 9:24 AM > > > >Carita Dermayonan - Tukang Urut Munggah Kaji >Ku Abah Helmi > >Kejaba sugih lan blabah, Gan Kaji Husén, kesora kaji ping lima. Méh patang >taun pisan jaroh ning tanahsuci. Usaha wesiné tambah rongkah tur barokah, uga >Yayasan Yatim-Piatu sing diurusé tambah jembar. Mung. Wis manjing patang taun, >dingarén ora jaroh. Jaré, amerga asam urat sing kronis. Seminggu pindo Gan >Kaji diurut Wa Dulatip, tanggané. > >“Wa Dulatip, tau gada niat kaji, tah?” Gan Kaji takon karo Wa Dulatip sing >lagi anteng ngurut wetisé. > >“Baka nawaétu sih tamtu mawon, Gan. Haben ba’da sholat, tansah dedonga >dumateng Kersané Gusti Allah supadosa diparingi dedalan. Malah baka olih >bayaran saking Agan, nguja dipisahena sacuil, nggo nyéléngi nang bumbung >pring.” > >“Apik, Wa. Sésuk, Uwa ngancani kula daftar ONH pleus. Syaraté, ning kana tugas >Uwa nguruti kula, baka asam uraté kerasa.” > >“Maksadé, Agan?” > >“Iya, Kita mangkat kaji bareng. Biayané bagén kula sing nanggung.” > >“Subhanalloh..! Alhamdulillah..!” Wa Dulatip namprak, tuli sujud syukur. Ana >sing tumétés ning pojok mripaté. > > >
